Posts

Showing posts from February, 2022

Tembang Durma Kelas 9-2

  Memahami Isi Pada 1 – 4 Pupuh Durma Teks Piwulang Serat Wulangreh   Pada 1 Dipunsami ambanting ing badanira, Nyudha dhahar lan guling, Darapon sudaa, Nepsu kang ngambra-ambra, Rerema ing tyasireki, Dadya sabarang, Karyanira lestari. Gancaran : Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngurangi hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.   Pada 2 Ing pangrawuh, lair batin aja mamang, Yen sira wus udani, Mring sariranira, Lamun ana kang murba, Masesa ing alam kabil Dadi sabarang, Pakaryanira ugi. Gancaran : Aja ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni, kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng Dumadi/Gusti.   Pada 3 Bener luput ala becik lawan be