Tembang Durma Kelas 9-2

 

Memahami Isi Pada 1 – 4 Pupuh Durma

Teks Piwulang Serat Wulangreh

 

Pada 1

Dipunsami ambanting ing badanira,

Nyudha dhahar lan guling,

Darapon sudaa,

Nepsu kang ngambra-ambra,

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabarang,

Karyanira lestari.

Gancaran :

Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngurangi hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.

 

Pada 2

Ing pangrawuh, lair batin aja mamang,

Yen sira wus udani,

Mring sariranira,

Lamun ana kang murba,

Masesa ing alam kabil

Dadi sabarang,

Pakaryanira ugi.

Gancaran :

Aja ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni, kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng Dumadi/Gusti.

 

Pada 3

Bener luput ala becik lawan beja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saking wong liya,

Mulane den ngati-ngati,

Sakeh durgama,

Singgahana den eling.

 

Gancaran :

Ala, becik, bener, luput iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mulane urip iki kudu ngati-ngati saka sakabehing pitnah, godha marang sliramu. Kabeh kudu kosingkiri kanthi eling lan waspada.

 

Pada 4

Apan ana sesiku telung prakara,

Nanging gedhe pribadi,

Puniki lilira,

Yoking telung prakara,

Poma ywa nggunggung sireki,

Sarta lan aja,

Nacad kepati pati.

Gancaran :

Ana telung prakara kang kudu kokngerteni, yaiku aja gumedhe (angkuh), aja ngece, lan maido marang liyan. Iku wigati kongerteni sajroning urip.

 

 


Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1