Gladhen AAJ 9-2
Gladhen AAJ 9-2
SMP Suka Seneng saben taun nganakake acara perpisahan kelas IX. Acara perpisahan biasane dianakake mapan ing hotel. Adicara pepisahan kelas IX bakal dianakake ing dina Setu, 14 Mei 2022, mapan ing aula SMP Suka Seneng. Wondene kang rawuh Kepala Sekolah, guru, wong tuwa, komite, siswa kelas 9, lan perwakilan kelas 7 lan 8. Brian didhawuhi atur sesorah/pidato minangka wakil siswa kelas 9.
1. Ukara pambuka kang ditulis Brian kanggo sesorah adhedhasar pratelan kasebut yaiku …
A.
Ingkang kinurmatan Kepala SMP Suka Seneng,
komite sekolah, tiyang sepuh ingkang kula urmati, kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik
kelas 7 lan 8 kang tak tresnani.
B.
Kangge para adhi-adhi kelas 7 lan 8, tetep
semangat anggone sinau ana papan kene, muga bisa gawe senenge Bapak/Ibu guru.
C.
Bapak
lan Ibu, kula lan sakanca nyuwun pamit lan pangestu anggene badhe nglajengaken
ing papan langkung inggil.
D.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi
wonten kiranging atur kula nyuwun pangapunten.
Dhugdheran
Dhugdheran iku salah sawijining
kabudayan utawa tradisine wong Semarang. Wujude yaiku upacara adat kanggo
mengeti tekane sasi pasa/Ramadhan. Sing ana pancen mung ing kutha
Semarang, Dhug-Dher…! Wiwit dhek jamane Kanjeng Adipati Raden Mas Tumenggung
Arya (RMTA) ing antarane taun 1881. Dhug-Dher kae mau (mbarengi swara bedhug
ditabuh, binarung swarane/unine mercon “dheeerrr…” kang nandhani wiwitane wulan
Ramadhon kanggo umat Islam nglakoni pasa sesasi muput. Dhugdheran dianakake
sedina sadurunge tekane sasi Pasa
Dhugdheran nduweni tujuan kanggo gawe
sarana informasine Pemerintah Kota Semarang marang masyarakat gawe menehi
ngerti tekane tanggal 1 Ramadhan. Tembung Dhugdher iku kajupuk saka swara
Bedhug "dhug...dhug...dhug" lan swara meriam "dher...dher...dher"
banjur dadi Dhugdher. Ana ing adicara iki biasane dianakake acara-acara liyane,
kayata pasar rakyat (sing diwiwiti seminggu sadurunge Pasa), karnaval pasukan
merah putih, drumband, pasukan pakaian adat “Bhineka Tunggal Ika”, meriam,
warak ngendhog lan kesenian-kesenian sapanunggalane sing ana ing tlatah
Semarang.
2. Prastawa budaya “Dhugdheran” nggadhahi mupangat (manfaat) ... .
A. kanggo nambahi ramene Kutha Semarang
B. supaya kesenian dikenal ing negara manca
C. nuwuhake rasa bombong tumrap budaya kita
D. sarana informasi masyarakat Jawa Tengah
3. Istilah “Dhugdheran”
ing teks kasebut maknane ... .
A. ciri khas wisata budaya Kutha Semarang
B. sarana promosi kesenian warga Semarang
C. minangka tandha wiwitane sasi Pasa/ Siam
D. sarana silaturahmi lan informasi
masyarakat
Pamedhare wasitaning ati,
cumantaka aniru pujangga,
dahat muda ing batine.
Nanging kedah ginunggung,
datan weruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
4. Pitutur luhur saka teks tembang kasebut yaiku dadi.…
A.
wong
aja seneng meksakake yen duwe kekarepan marang wong liya
B.
manungsa
kudu nganggo basa isyarat yen guneman marang wong liya
C.
wong
aja kesenengan yen dialem amarga mesti bakal digunem ala
D.
wong
ora kena duwe watak kedanan drajat, pangkat lan kadonyan
Sasmitaning ngaurip puniki,
apan ewuh yen nora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuh
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
5. Gatra kapisan ing teks tembang kasebut nduweni teges .…
A.
ora bakal kopahami komangerteni
B.
isyarat/tanda ing panguripan
iki
C.
supaya sampurna ing uripmu
D.
ora ana katentreman urip
Bekti kagem Ibu
Nyuwun tambahing pangestu
Kula badhe angayahi
Tanggung jawab marang bangsa
Ugi mring ibu pertiwi
Iki pancen kewajiban
Keng putra wus kudu ngerti
Lamun pra putri tan maju
Bakal ringkih tembe mburi
Awit ibu kang kuwasa
Mulang muruk putra -putri
Guru aneng kulawarga
Kang pawitan jroning urip
( Kabesut saking Marsudi Basa lan sastra Jawi kelas IX
kaca 75)
6. Apa isine geguritan kasebut? (PGK)
o
Pangestu ibu boten dibutuhake.
o
Para ibu iku guru aneng kulawarga.
o
Ibu ora mangestoni putrane lelungan adoh.
o
Tanggung jawab iku kewajiban kang kudu dilakoni
o
Nyuwun pangestu awit putra badhe ngayahi ujian
Wacanen
pethilan teks kasebut!
Kethek
putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging ora bisa kobong amarga sekti
mandraguna lan malah mencolot sandhuwuring kraton. Omah, wewangunan liyane, lan
wit-witan kang dipidak Anoman kabeh kobong. Dasamuka muntab,. Anoman kasil
lolos lan bisa atur palapuran marang Prabu Rama.
7. Pratelan
endi kang jumbuh karo isine teks kasebut? (PGK)
o
Anoman uga diarani kethek putih.
o
Anoman ora bisa kobong merga sekti.
o
Anoman mencolot munggah wit angsana.
o
Rahwana bungah lan ndhawuhi supaya nyekel Anoman.
o Omah lan wit-witan kobong amarga disundhul Anoman.
8. Ingkang kalebet adat istiadat kesripahan (mati) ing tanah Jawa inggih menika ... . (PGK)
o
nyatus
o
mitung dina
o
taun kapisan
o
srah – srahan
o budhalan layon
Nyadran
Nyadran asale saka bahasa sansekerta, ‘sraddha’ sing artine keyakinan. Ing bahasa Jawa, nyadran
asale saka sadran sing artine ruwah
syakban.
Nyadran yaiku tradisi budaya wujud
rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi
sumbere urip. Acara nyadran lumrahe
saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing
ditindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat
iku dadi cikal bakale anane desa iku.
Yen ing desaku dhedhaharan iku dianakake ing pesarehan, masyarakat ing kana
nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat yen
nganakake dhedhaharan saka wujud rasa syukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
iku ing pesarehane. Sakliyane mengeti nyadran
supaya nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad uga
nduweni tujuan supaya ora ana gangguan
roh jahat.
9. Pratelan endi kang trep karo isine teks wacan kasebut?
o
Adat Nyadran mujudake tradhisi budaya kang ora becik.
o
Nyadran mujudake tradhisi budayane masyarakat padesan.
o
Nyadran minangka wujud pemborosan amarga nggawa panganan.
o
Nyadran mujudake tradhisi budaya wujud rasa syukur marang Gusti Allah.
o
Nyadran nduweni tujuan supaya masyarakat ora
ana gangguan saka roh jahat.
Kaya
padatan, saben dina Senin, siswa wadon ing sekolahanku diedumi pil utawa tambah darah. Pil kasebut wajib
diombe, amarga pancen wigati kanggo njaga kasarasan. Senajan gedhe mupangate,
akeh siswa wadon sing rumangsa kepeksa ngombe pil kasebut. Jarene rasane ora
enak. Saperangan bocah wadon uga ora bisa ngombe pil mau yen nganggo banyu
utawa wedang. Bisane ngombene karo dicampur roti utawa gedhang. .................................................................................................................................... |
10.
Pratelan
endi kang jumbuh karo isine pethilan teks wacan kasebut? (PGK)
o
Saben dina Senin kabeh siswa ing sekolahanku diedumi pil/tablet tambah darah
o
Siswa wadon wajib ngombe pil/tablet tambah darah kanggo njaga kasarasan awakke
o
Siswa wadon padha seneng ngombe
pil kasebut amarga rasane enak lan gampang diombe.
o
Senajan ngerti mupangate pil/tablet tambah darah siswa wadon
padha ora gelem ngombe.
o
Pil/tablet tambah
darah iku becike diombe dicampur roti, gedhang utawa panganan liyane.
11. Tulisen katrangan utawa informasi ngenani urut-urutane upacara adat tedhak siti?
12. Wacanen teks kasebut!
Gambuh Aja
nganti kabanjur Barang polah ingkang nora jujur Yen kabanjur sayekti kojur tan becik Becik ngupayaa iku Pitutur ingkang sayektos |
Apa isine teks tembang kasebut?
Comments
Post a Comment