Gladhen Soal Basa Jawa Kelas 9/I SMPN 12 Semarang

                                                  GLADHEN SOAL BASA JAWA

                                                    KELAS 9 SMP SEMESTER I


Pilihen wangsulan ingkang paling leres kangge mangsuli pitakenan/soal  ing ngandhap menika!

Teks wacan kangge nomor 1 - 3

                                                    Anoman Duta

            Sawise kabeh bupati nindakake sembah sungkem, Sugriwa dhawuh, “Anoman lan Anggada, Anila lan Paman Jembawan, kowe kabeh dakdhawuhi menyang Alengka saperlu nggoleki Dewi Sinta. Kowe nggawaa prajurit kang akeh. Welingku marang kowe kabeh padha ati-ati lan waspadaa. Aja gampang kapilut aja gampang kapencut marang sapa wae kang durung kokenal.” Iku mau wejangane Sugriwa marang wanara cacah papat kasebut.

1.  Anoman Duta menika salah setunggaling lakon wayang ... .

A.  Mahabarata                  

B.  Ramayana                    

C.  Pandhawa                    

D.  Mahadewa

2.  Wanara ingkang boten diutus dhateng Alengka inggih menika ... .

A.  Anggada                      

B.  Anoman                       

C.  Sugriwa           

D.  Anila

3.  Kang ora kalebu pitutur luhur saka teks wacan kasebut yaiku ... .

A.  Sumingkira yen ketemu wong kang ora dikenal

B.  Kudu ati-ati marang sapa wae kang ora dikenal

C.  Aja gampang kapencut karo kang durung dikenal

D.  Waspadaa karo sapa wae apa maneh yen ora kenal

 Teks wacan kangge nomor 4 – 5

             Saderenge wanara papat mau padha budhal, Ramawijaya nambahi paring piweling wigati marang Anoman. “Anoman, sira kudu ngati-ati tenanan lan waspada ana ing Alengka. Manawa sira wis nemokake Dewi Sinta, kalpika iki aturna supaya Dewi Sinta pracaya manawa sira beber-bener utusaningsun. Kalpika iki minangka pratandhane.” Anoman ngestokake dhawuh banjur nampa kalpika iku.

4.  Kang diparingake Ramawijaya marang Anoman kanggo Dewi Sinta yaiku ... .

A.  kalung                          

B.  gelang              

C.  ali-ali                

D.  cundhuk

5.   Anoman diutus menyang Alengka saperlu ... .

       A.  ngobong negara Alengka                  

B.  ngyakinake papan lan kahanane Dewi Sinta

       C.  nggawa mulih Dewi Sinta                 

D.  ngajak perang Prabu Dasamuka

Teks wacan kangge nomor 6

             Rombongan wanara padha getun kabeh jalaran lena kang ndadekake wuta. Kabeh kepengin mati wae tinimbang ora bisa mrantasi gawe. Dumadakan ana Garudha Sempati, sawijine manuk garudha kang ora duwe wulu. Dheweke iku kakange Garudha Jathayu kang ngusadani kabeh bisa melek maneh lan mituturi carane bisa tekan Alengka. Anoman sakanca banjur nutugake laku menyang Redi Mahendra.

6.    Ingkang nambani para wanara saged melek malih inggih menika ... .

A.  Sempati                                 

B.  Jathayu                      

C.  Anoman                     

D.  Rajawali

7.  Dewi Sinta didhelikake ana ing Taman Argasoka. Pitakonan kang ora ana wangsulane tumrap ukara kasebut yaiku ...

       A.  Sapa kang didhelikake ing Taman Argasoka?

       B.  Ana ing ngendi Dewi Sinta didhelikake?

       C.  Lagi apa Dewi Sinta ana ing Taman Argasoka?

       D.  Sapa sing ndhelikake Dewi Sinta ing Taman Argasoka?

8. “Dhuh Yayi, aku ora bakal mbadal dhawuhe Sang Prabu Rama.” Pitutur luhur kang bisa dipethik saka pacelathon kasebut yaiku ... .

       A.  ora bakal srakah                                

B.  tansah ngugemi lan nindakake prentah

C.  ora wedi ngadhepi pepalang 

D.  gelem paring pitulungan marang liyan

Teks wacan kangge nomor  9 - 11

       Pada 1

     Pamedhare wasitaning ati,

cumanthaka aniru pujangga,

dhahat mudha ing batine.

Nanging kedah ginunggung,

datan wruh yen akeh ngesemi,

ameksa angrumpaka,

basa  kang kalantur,

tutur kang katula-tula,

tinalaten rinuruh kalawan ririh,

mrih padhanging sasmita.

9. Tembang Dhandhanggula kasebat minangka teks piwulang saking ... .

     A.  Cariyos Panji   

B.  Serat Wulangreh          

C.  Serat Wedhatama        

D.  Babad Tanah Jawi

 

 

 

 

 

 

10.  Tinalaten rinuruh kalawan ririh. Sipat kang bisa dituladha saka gatra kasebut ... .

     A.  sabar, sareh                  

B.  ora ngapusi                  

C.  kemrungsung   

D.  grusa – grusu

11. Tindak-tanduk kang bisa dituladha saka teks  kasebut yaiku ... .

     A. andhap asor      

B. tuture nglantur  

C. seneng dialem   

D. ora kendel

 

Teks wacan kangge nomor 12 - 15

Pada 2

Sasmitaning ngaurip puniki,

mapan ewuh yen ora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuhu, 

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

12. Tembang kasebat guru gatranipun wonten ... .

A.  8                                

B.  9                                

C.  10                              

D.  11

13.  Guru wilangan 7 mapan ing gatra kaping ... .

A.  tiga                            

B.  sekawan                     

C.  gangsal                      

D.  pitu

14.  Guru lagu wulu mapan ing gatra kaping ... .

A.  1                                

B.  2                                

C.  3                                

D.  4

15.  Gatra pungkasaning tembang kasebat guru lagunipun ... .

A.  e                                

B.  u                                

C.  a                                 

D.  i

Teks wacan kangge nomor 16 - 17

Pada 3

Jroning Kur’an goning rasa yekti,

nanging ta pilih ingkang uninga,

kajaba lawan tuduhe,

nora kena den awur,

ing satemah nora pinanggih,

mundhak katalanjukan,

temah sasar-susur,

yen sira ayun waskitha,

sampurnane ing badanira puniki,

sira anggegurua

 

16.  Panggone rasa yekti mapan sajeroning ... .

       A.  koran

       B.  Qur’an

       C.  buku

       D.  kabar

17.  Mangerteni isine kitab suci ora kena ngawur utawa asal-asalan supaya ora ... .

       A.  kesasar

       B.  kepenak

       C.  ketelat

       D.  sampurna

 

Teks wacan kangge nomor 18 – 22

 (Dina Selasa nalika pelajaran IPA, Irena undang-undangane Rena, wis ngantuk banget mripate ora kena diempet. Dheweke kepengin cepet bubar pelajaran  dina iki. Pak Broto guru IPA lagi nyerat rumus ana ing papan tulis.)

(1)  Keke                 : Rena. (Rena ora wangsulan, amung ngobahake sirah sethithik)

                                 Rena, tangi. Dipirsani Pak Broto ki. Ren.” (Keke mitrane Rena ngundang maneh karo njiwit tangane  Rena)

(2)  Rena                 :“Adhuh, lara, apa sih?” (Keke ora mangsuli sebab Pak Broto wis jumeneng  ana  sandinge).

(3)  Pak Broto         : “Piye turune Irena, penak ?”

(4)  Rena                  : “Enak Pak.” (Rena karo isih ndhingkluk.)

(5)  Pak Broto        : “Wis merga kowe ora nggatekke, dakkira yen wis ngerti. Mulane,  maju wae nggarap soal ing papan tulis, terus terangna marang kancamu!”

(6)  Rena                  : “Kula Pak?”

(7)  Pak Broto         : “Iya kowe.” (Rena maju, gembrobyos, karo kukur-kukur sirahe sing jan- jane ora gatel)   “Piye Rena ora bisa ?”

(8)  Rena                  : “Ngapunten Pak, boten saged.”

(10) Pak Broto        : “ Supaya bisa, digarap ana ngomah, latihan kaca 56 nomer 1   nganti 30,  dikumpulke sesuk jam 7 esuk. Cukup semene. Selamat Pagi.”

 18. Pratelan kang kacithak miring ing teks kasebut diarani ... .

     A.  prolog

     B.  dhialog

     C.  epilog

     D.  monolog

19. Kedadosan cariyos kasebat wonten ing  ... .

A.  kelas                                                                          

B.  kantin

C.  lapangan                                                                    

D. perpustakaan

20. Ingkang boten  katindakaken Keke nalika Pak Broto pirsa yen Rena turu yaiku … .

A.  nggugah Rena                                                           

B.   njiwit Rena

C.   matur Pak Broto  

D.  ngundang Rena

21.  Ingkang boten kalebet watakipun Pak Broto inggih punika... .

A.  gampil duka (nesu)                                                    

B.  sabar                                                                          

C.  wicaksana (bijaksana)

D.  nggatekake

22.     Piwulang luhur ingkang saged kapendhet saking cariyos kasebat inggih menika ... .

       A.  Bocah sekolah asring ngantuk                                  

       B.  Gelem nggarap tugas akeh

       C.  Dadi murid aja lali marang kwajibane                       

       D.  Yen kancane turu kudu digugah

 

Waosan kangge soal nomer 23 – 27

(1) Adit       : “Sugeng enjing, Pak Jaya?”

(2) Pak Jaya : “Sugeng enjing Nak, njanur gunung, kadingaren yahmene  wis teka kene?”

(3) Adit       : “Inggih Pak Jaya, kula badhe mundhut pirsa babagan kerja bakti ing  dinten Minggu mangke siyos menapa mboten?”

(4) Pak Jaya : “Ooh iya, Nak Adit, kerja baktine Minggu jam 8 ing ngarep balai RT.”

(5) Adit        : “Pirantosipun menapa kemawon, Pak?”

(6) Pak Jaya : “Ya dicepakake wae sapu, arit, lan cethok!”

(7) Adit       : “O, inggih Pak, matur nuwun, kula mangke ngendika kaliyan remaja mriki.”

(Adit enggal nyuwun pamit marang Pak Jaya saperlu nyiapake ubarampe kanggo acara kerja bakti dina Minggu.)

 

23.       Tembung  mundhut pirsa ing pacelathonipun Adit (3) menawi kaleresaken dados ... .

     A.  takok                                                                           

     B.  taken

     C.  njaluk pirsa                                                                              

     D.  nyuwun pirsa

24.  Tembungipun Adit ing pacelathon (7) ingkang kirang trep miturut unggah-ungguh basa  inggih  menika ... .

A.  matur nuwun                                                               

B.  inggih                                                                           

C.  ngendika

D.  kaliyan

25.  Pacelathon angka (6) ingkang kagaris ngandhap ngginakaken basa ngoko, menawi dipunewahi dados basa krama alus ingkang leres ... .

A.  Nggih dicepakake wae sapu, arit lan cethok

B.  Nggih dipuncepakake wae sapu, arit lan cethok

C.  Nggih dipuncepakake mawon sapu, arit lan cethok

D.  Nggih dipuncepakaken mawon sapu, arit lan cethok

26.  Pacelathon ing nginggil ngrembag babagan... .

       A. karang taruna                                                                

       B. gugur gunung                                                               

C. rondha malem

D. mancing

 Waosan kangge soal nomer 27- 30

       Nalika bayi sing sepisanan wis ngancik umur 7 wulan dianakake slametan kanthi upacara adat.  Ancase mau kanggo ngenalake alam  utawa lemah kang bakal dipidak marang bocah supaya ora kaget lan ora ana alangan.

       Wondene urut-urutane upacara yaiku bocah diadusi nganggo kembang setaman banjur disandhangi nganggo klambi sing apik. Sawise pidakan jadah pitung werna, bocah diajari menek andha saka tebu arjuna. Bubar dilenggahake, bocah diudhunake ing gelaran kang dicepaki maneka werna ubarampene wong urip. Sabanjure bocah milih barang lan dikurungi. Beras kuning lan dhuwit receh ing sacedhake banjur disebar ing ngarepe para tamu. Sing pungkasan nyepakake ubarampe kanggo slametan.

 

 27.  Miturut isinipun, tata cara adat kasebat dipunwastani adat ... .

A.  brokohan                                                                   

B.  sepasaran                                                                   

C.  selapanan

D.  tedhak siti

28.  Urutan adicara sasampunipun menek andha saking tebu arjuna inggih menika ... .

A.  slametan                                                                    

B.  midak jadah                                                               

C.  nyebar arta

D.  milih barang

29.  Pratelan ingkang boten trep kaliyan isi waosan kasebat inggih menika ... .

A.  Pidakan jadah katindakaken saderengipun ngadusi bocah

B.  Tetelan jadah ingkang dipunangge bocah wonten 7 werna

C.  Nalika lenggah ing gelaran, bocah kasuwun milih barang

D.  Sabibaripun kurungan, arta receh kasebar ing ngajeng para tamu

 

30.       Bayi diajak wong tuwane nyebar beras kuning lan dhuwit receh ing ngarepe para tamu kang diajab mbesuke nduweni watak kang dermawan, loma marang sapa wae. Adicara kasebut ing adat tedhak siti diarani ... .

A.  kurungan                                                                   

B.  midak jadah                                                               

C.  menek andha

D.  udhik-udhik

31. Bocah dituntun menek andha tumuju ing kursi palungguhan lan dilungguhake kanthi pangajab mbesuke bocah bisa dadi pemimpin kang tanggung jawab. Adicara iku arane ... .

A.    menek tebu arjuna

B.     pidakan jadah

          C.  kurungan                             

          D.  udhik-udhik

 

32.  1.  Mitung dina

2.  srah – srahan

3.  taun kapisan

4.  budhalan layon

Ingkang boten kalebet tata cara adat kesripahan (mati) inggih menika ... .

A.  1                                                                              

B.  2

C.  3                                                                              

D.  4

33.  Yen nulis tembang macapat sapada nganggo aksara Jawa nggunakake tandha ... .

A.  adeg – adeg                           

B.  pada pangkat                         

C.  pada lingsa                            

D.  mangajapa

34.  Kanggo mbedakake antarane aksara utawa huruf karo angka sajerone tulisan Jawa nggunakake ... .

A.  adeg-adeg                 

B.  pada pangkat 

C.  pada lingsa                

D.  pada lungsi

 

Waosan kangge soal nomer 35 – 37

?aul=taun\,

?aumu/[rbufisaikiwisZvCik\;15;taun\,sukT=gl\;28;[no[p+mBe/taunHiki[d[w[kHbklZnkH[kaul=taun\,k[bhkvCkvC[nskelsBkliFaun=F.

35. Ingkang ambal warsa inggih menika .

A.  Budi                                                                          

B.  Beni

C.  Rudi

D.  Deni

36.  Ingkang ambal warsa umuripun taun.

A. 14                                                                                

B. 15

C. 16

D. 17

37.  Acara ulang taun ditindakake ing tanggal ... .

A.  18  September

B.  28  September

C.  18  Nopember

D.  28  November

38.  Lingkungan sekolahku resik. Yen sinawang katon apik. Tembung ‘sekolahku resik’ yen ditulis aksara Jawa yaiku ... .

       A.  se[kolhanResik\

       B. se[kolhkuresik\

       C. se[kolhku[rsik\

       D. se[kolhkuxsik\

 39. ?sinTmcbukuwisTeknKc;157.

       Sinta anggone maca buku wis nganti kaca ... .

       A.  satus sekawan dasa pitu

       B.  satus seket dasa pitu

       C.  satus seket pitu

       D.  satus pitu likur

40.  Tembang macapat dhandhanggula guru gatranipun wonten ... .

       A. ;8; 

       B. ;9; 

       C. ;10;

       D. ;12;

41. Wacanen teks kasebut!

Anoman Duta

            Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

 

Tembung sing kacithak kandel ing teks kasebut tegese …

A.  kabegjan

B.   kahanan

C.   pepalang

D. kekarepan

42. Wacanen teks cerita kasebut!

Anoman Duta

            Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

Paraga kang ora kaserat ing teks kasebut yaiku ... .

A.  Dewi Anjani

B.   Bathara Bayu

C.   Ramawijaya

D.  Dewi Trijatha

 43. Wacanen teks cerita kasebut!

Anoman Duta

            Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

       Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku… .

A.  Kudu mbales tumindak alane liyan marang awake dhewe

B.  Gampang percaya karo wong sanajan durung suwe kenal

C.  Dadi manungsa iku kudu tansah waspada lan ngati-ati

D.  Tumindak ala bakal dipunwales dening Gusti Allah

44. Wacanen pethilan crita budaya kasebut!   

Dugderan

               Dugderan iku salah sawijining kabudayan utawa tradisine wong Semarang. Wujude yaiku upacara adat kanggo mengeti tekane sasi pasa/Ramadhan.  Sing ana pancen mung ing kutha Semarang, Dhug-Dher…! Wiwit dhek jamane Kanjeng Adipati Raden Mas Tumenggung Arya (RMTA) ing antarane taun 1881. Dhug-Dher kae mau (mba­rengi swara bedhug ditabuh, binarung swarane/unine mercon “dheeerrr…” kang nandhani wiwitane wulan Ramadhon kanggo umat Islam nglakoni pasa sesasi muput. Dugderan dianakake sedina sadurunge tekane sasi Pasa

                Dugderan nduweni tujuan kanggo gawe sarana informasine Pemerintah Kota Semarang marang masyarakat gawe menehi ngerti tekane tanggal 1 Ramadhan. Tembung Dugder iku kajupuk saka swara Bedhug "dug...dug...dug" lan swara meriam "der...der...der" banjur dadi Dugder. Ana ing adicara iki biasane dianakake acara-acara liyane, kayata pasar rakyat (sing diwiwiti seminggu sadurunge Pasa), karnaval pasukan merah putih, drumband, pasukan pakaian adat “Bhineka Tunggal Ika”, meriam, warak ngendok lan kesenian-kesenian sapanunggalane sing ana ing tlatah Semarang.

                                                                            (http://saeitubaik.blogspot.com)

            Adhedhasar wacan kasebut, “Dugderan” dianakake nalika  ...

                A.  wulan syawal

            B.  malem Lailatul Qodar

            C.  sadurunge tekane sholat Idul Fitri

            D.  sedina sadurunge  tekane  sasi  Pasa

45.  Tujuan dianakake prastawa budaya “Dugderan”  yaiku....

A.  kanggo nambahi keramaian kutha

       B.  supaya kesenian dikenal masyarakat

C.  kanggo mengeti tekane sasi Pasa/ Siam

D.  sarana informasi masyarakat kutha Semarang

46. Wacanen teks tembang kasebut!

       Pamedhare wasitaning ati

       Cumanthaka aniru pujangga

       Dhahat mudha ing batine

       Nanging kedah ginunggung

       Datan wruh yen akeh ngesemi

       Ameksa angrumpaka

       Basa kang kalantur

       Tutur kang katula-tula

       Tinalaten rinuruh kalawan ririh

        Mrih padhanging sasmita

 

      

Gatra kang kacithak miring kasebut nduweni teges ….

A.    kepengin lan meksa awake dhewe

B.     meksa  lan kepengin niru pujangga

C.     meksa  lan kepengin supaya dialem

D.    kepengin lan meksa senajan diguyu

47. Wacanen teks pacelathon kasebut kanggo mangsuli soal angka 47-48!

          Anton karo Arif sida nonton film. Jam sepuluh mbengi merga dalan macet durung  padha bali. Tekan ngomah Anton karo Arif langsung turu. Kabeh ora kelingan ana tugas durung digarap. Esuke Arif tangi kawanan, tekan sekolah Arif wis telat.

Arif                  : "Kula nuwun bu Guru, bu nyuwun pangapunten dhateng telat."

Bu Guru          : "Lha ngopo kok kowe tangi kawanan?"

Arif                 : "Wingi kula ningali film  kaliyan Anton ngantos ndalu bu"

Bu Guru           : "Oh … pantes nek ngono, iki Anton malah ora mangkat sekolah. Tugasmu digawa rene….

Arif                  : "Mboten bu, kula kesupen!"

Bu Guru           : "Nek ngono kowe sak iki ning njaba lan  tugase digarap .Yen wis rampung diaturake ibu ."

Arif                 : "Nggih bu, kula nyuwun  pangapunten"

Bu Guru          : "Angger kowe kudu janji  ora di baleni meneh"

Arif                 : "Nggih bu kula janji!"

Yuda                : "Mulane  Rif,  sesuk meneh kudu  kewajiban didisikake  tinimbang  kesenengan. Dadi uwong kudu bisa disiplin."

Arif                 : "Iya, Yud, aku  njaluk ngapura. Ora tak baleni maneh!”

 

     Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku ….

  1. Bocah sekolah iku kudu ndhisikake kasenengane dhewe
  2. Kasenengan iku kudu didhisikake tinimbang  kewajiban
  3. Kewajiban iku kudu didhisikake tinimbang kasenengan
  4. Kewajiban utawa tanggung jawab iku dilakoni satitahe

48. Tembung kang kacithak miring  panyeratanipun  lepat, ingkang leres inggih menika….

  1. ngopo , didhisiake
  2. ngapa, didhisikake
  3. ngopo, didhisikaken
  4. ngapa, didhisikakke

49. ?sbenT=gl\ ;... ; fi[pzetTifingurunsi[yonl\,

A. 2;[mai                                        B. 28;O[tobe/

C. 25;[no[p+mBe/                                      D. 29;[no[p+mBe/

50.  ?... aikuwigtik=[gokekeblLnHwk\,

A. [aobt\                             B. p+kSin\

C. jmu                              D. jjn\

 

-000-

Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1