Gladhen AAJ Basa Jawa-1

 Anoman Duta

            Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.

1. Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku… .

A.  Kudu mbales tumindak alane liyan marang awake dhewe

B.  Gampang percaya karo wong sanajan durung suwe kenal

C.  Dadi manungsa iku kudu tansah waspada lan ngati-ati

D.  Tumindak ala bakal dipunwales dening Gusti Allah

2. Rewanda Seta kang dadi utusane Raden Ramawijaya iku putrane

A.  Subali

B.   Sugriwa

C.   Anoman

D. Dewi Anjani

3. Tembung sing kacithak kandel ing teks kasebut tegese …

A.  kabegjan

B.   kahanan

C.   pepalang

D. kekarepan

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi,

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling


4. Isine tembang  kasebut yaiku ....

A.    dadi manungsa iku kudu gelem ngurangi mangan lan turu

B.     manungsa aja mung mangan lan turu ananging kudu nyambut gawe

C.     ngasah ati supaya bisa dadi kesatria kanthi nambahi mangan lan turune  

D.    ngasah ati amrih nduwe jiwa kesatria lan kudu ngurangi mangan lan turu


Aja nganti kabanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kabanjur sayekti kojur tan becik

Becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos

5. Tembang  Gambuh ing dhuwur, guru wilangan lan guru lagune yaiku ....

A.  7u, 11u, 12i, 8u, 9o

B.   7u, 10u, 12i, 8u, 8o

C.   8u, 10u, 11i, 9u, 8o

D.  8u, 9u, 10u, 12i, 10u

 

6. Wacanen teks narasi kasebut!

              Kaya padatan, saben dina Jemuwah, siswa wadon ing sekolahanku diedumi pil utawa tambah darah. Pil kasebut wajib diombe, amarga pancen wigati kanggo njaga kasarasan. Senajan gedhe mupangate, akeh siswa wadon sing rumangsa kepeksa ngombe pil kasebut. Jarene rasane ora enak. Saperangan bocah wadon uga ora bisa ngombe pil mau yen nganggo banyu utawa wedang. Bisane ngombe yen dicampur roti utawa gedhang.

....................................................................................................................................

Pratelan ing ngisor kang jumbuh karo isine pethilan wacan kasebut yaiku...

A. Saben dina Jemuwah kabeh siswa ing sekolahanku diedumi pil/tablet tambah darah.

B. Siswa wadon wajib ngombe pil/tablet tambah darah kanggo njaga kasarasan awakke.

C. Senajan ngerti mupangate pil/tablet tambah darah siswa wadon padha ora gelem ngombe.

D. Pil/tablet tambah darah iku becike diombe dicampur roti, gedhang utawa panganan liyane.


7. Semaken pacelathon iki!

   Ibu Mita    :  “Nah, iku mau sandhangan panyigeg lan pigunane.”     

   Cinta         “Berarti menawi nulis pasare, huruf /r/ diparingi layar

                        menapa boten, Bu?”                           

   Ibu Mita     :  “Ya diparingi. Nulis pasare tetep nganggo layar. Amarga tembung pasar  /r/ sigeg lan entuk panambang -e, panulisane didhobel sigege.”     

   Cinta         :  “O nggih, kula sampun ngertos. Berarti bibar layar lajeng ra ditaling, nggih.

   Ibu Mita     :  “Bener. Ayo saiki garapen gladhen 5.”

   Cinta          :  ”Bu. .... “ 

   Ibu Mita     : “Ya, Cin. Arep takon apamaneh?

Ukara ingkang trep miturut unggah-ungguh basa kangge njangkepi pacelathonipun Cinta inggih menika … .

A.  Aku arep takon meneh

B.  Kula ajeng mundhut pirsa malih                           

C.  Dalem badhe taken malih nggih

D.  Kula badhe nyuwun pirsa malih


8. Gatekna tembang ing ngisor iki!

                  Pangkur

 Sekar pangkur kang winarna,

 lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

 ala lan becik puniku,

 prayoga kawruhana,

 Adat waton puniku dipunkadulu,

 Miwah ingkang tata krama,

 Den kaesthi siyang ratri

Isine tembang kasebut yaiku ... .

A.    a. ilmu sing ditularake

B.     b. carita maneka warna

C.     c. pitutur ingkang apik

D.    .d kudu ngerti tata krama

     9. Tedhak Siten iku salah sawijining upacara adat Jawa kanggo bocah umur pitung lapan. Tedhak Siten asalipun saking rong tembung, ingkang sepisan inggih punika "tedhak” utawi idak, tegese mudhun lan “siten" saking tembung siti kang tegese bumi/lemah. Dadi tembung Tedhak Siten nduweni teges ngidakake sikil ing lemah. Ing budaya Jawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab Tedhak Siten yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, kanggo ngedohi kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara Tedhak Siten mau.

Dudutan (simpulan) waosan kasebat inggih menika ….

    A.Tedhak siten iku upacara adat Jawa kanggo bocah kang umure ngancik 7 sasi

    B.Tedhak siten dianakake nalika bocah wis bisa mlaku lan umure pitung lapan

    C.Tegese  tedhak siten ora ngidakake sikil ing lemah yen durung wayahe mlaku

D. D. Ing budaya Jawa tedhak siten ora nduweni makna ghoib kang dijaga Bathara Kala

   10.  Sinom

Ambege kang wus utama,

Tan ngendhak gunaning jalmi,

Amiguna ing aguna,

Sasolahe kudu bathi,

Pintere den alingi,

Bodhone didokok ngayun,

Pamrihe den inaa,

Mring padha padhanging jalmi,

Suka bungah den ina sapadha-padha.

Pitutur luhur saka  tembang kasebut yaiku ….

A.    seneng mamerake kepinterane dhewe

B.     kepinterane wong liya aja dikatonake

C.     seneng ngina wong kang ora pinter

D.    sanajan pinter nanging rumasa bodho


11. Semaken teks kasebut!

Kadadosaken pakulinan! Nyuwun pangapunten...

Bapak       : “Ndhuk, coba delengen gambar iki saiki busana budaya Jawa kudu diuri-uri merga wis arep kalah karo busana budaya manca! Eman- eman ya Ndhuk,  kamangka ing negara manca busana budaya Jawa digunakake.”

Ratih    :           “Inggih, Pak, eman-eman sanget. Kula inggih badhe ndherek nguri-uri lan ngenali busana budaya  Jawi kersanipun kulina. ”

Pitutur luhur  ing  iklan/pesen  kasebat inggih menika ....

      A. Tiyang Jawa  kedah purun nyinau lan ngginakaken busananipun budaya Jawi

  B. Nyuwun pangapunten, nyuwun sewu, lan matur nuwun boten kedah dikulinakaken

C. Tiyang Jawa saben dinten kedah ngginakaken busana babagan budaya tiyang Jawi

 D. Nyuwun pangapunten, nyuwun sewu, lan matur nuwun saenipun dipunkulinakaken


12. Gatekna tabel urutan upacara adat kasebut!

1. Ngidhak jadah pitung warna

   2. Mlebu ing kurungan lan pilih barang

3.  Munggah andha tebu arjuna

4. Siraman

 

Urut- urutan upacara adat tedhak siti kang bener yaiku....

A.   A. 1-2-4-1

B.   B. 1-3-2-4

C.   C. 2-3-1-4

D.   D. 4-1-2-3

Wacanen pethilan crita budaya kasebut!   

Dugderan

               Dugderan iku salah sawijining kabudayan utawa tradisine wong Semarang. Wujude yaiku upacara adat kanggo mengeti tekane sasi pasa/Ramadhan.  Sing ana pancen mung ing kutha Semarang, Dhug-Dher…! Wiwit dhek jamane Kanjeng Adipati Raden Mas Tumenggung Arya (RMTA) ing antarane taun 1881. Dhug-Dher kae mau (mba­rengi swara bedhug ditabuh, binarung swarane/unine mercon “dheeerrr…” kang nandhani wiwitane wulan Ramadhon kanggo umat Islam nglakoni pasa sesasi muput. Dugderan dianakake sedina sadurunge tekane sasi Pasa

                Dugderan nduweni tujuan kanggo gawe sarana informasine Pemerintah Kota Semarang marang masyarakat gawe menehi ngerti tekane tanggal 1 Ramadhan. Tembung Dugder iku kajupuk saka swara Bedhug "dug...dug...dug" lan swara meriam "der...der...der" banjur dadi Dugder. Ana ing adicara iki biasane dianakake acara-acara liyane, kayata pasar rakyat (sing diwiwiti seminggu sadurunge Pasa), karnaval pasukan merah putih, drumband, pasukan pakaian adat “Bhineka Tunggal Ika”, meriam, warak ngendok lan kesenian-kesenian sapanunggalane sing ana ing tlatah Semarang.

                                               

   13.   Adhedhasar wacan kasebut, “Dugderan” dianakake nalika  ...

            A.  wulan syawal

            B.  malem Lailatul Qodar

            C.  sadurunge tekane sholat Idul Fitri

            D.  sedina sadurunge  tekane  sasi  Pasa

14. Tujuan dianakake prastawa budaya “Dugderan”  yaiku....

A.  kanggo nambahi keramaian kutha

       B.  supaya kesenian dikenal masyarakat

C.  kanggo mengeti tekane sasi Pasa/ Siam

D.  sarana informasi masyarakat kutha Semarang

15. Bekti kagem Ibu

             Nyuwun tambahing pangestu

            Kula badhe angayahi

            Tanggung jawab marang bangsa

            Ugi mring ibu pertiwi

            Iki pancen kewajiban

            Kang putra wus kudu ngerti

                        Lamun pra putri tan maju

                        Bakal ringkih tembe mburi

                        Awit ibu kang kuwasa

                        Mulang muruk putra putri

                        Guru aneng kulawarga

                   Kang kawitan jroning urip


Manut isine teks kasebut, nyuwun pangestu marang ibu amarga rumangsa nduweni tanggung jawab marang ....

A.  bangsa lan ibu pertiwi

B.  ibu pertiwi

C.  kulawarga

D.  bangsa


 Wacanen teks tembang kasebut!

       Pamedhare wasitaning ati

       Cumanthaka aniru pujangga

       Dhahat mudha ing batine

       Nanging kedah ginunggung

      Datan wruh yen akeh ngesemi

       Ameksa angrumpaka

       Basa kang kalantur

       Tutur kang katula-tula

    Tinalaten rinuruh kalawan ririh

        Mrih padhanging sasmita

 

     16.     Gatra kang kacithak miring kasebut nduweni teges ….

A.    kepengin lan meksa awake dhewe

B.     meksa  lan kepengin niru pujangga

C.     meksa  lan kepengin supaya dialem

D.    kepengin lan meksa senajan diguyu

17.Guru wilangan lan guru lagu ing gatra pungkasane teks kasebut yaiku  ....

            A.7a

            B.7u

            C.8a

          D.10a

Pada 5

Lawan aja memaoni barang karya

Thik-ithik memanoni

Samubarang polah

Tan kena wong kumlebat

Ing mangsa mangke puniki

Mapan wus lumrah

         Padha wasis maoni

17. Tembung kacithak miring ing inggil punika tegese….. (jawaban lebih dari 1)

A.    nyacad

B.  ngalem

C.  ngandhani

D.    ngelek-elek

Durma

 

ingkang eling ya ngelingana marang

sanak kanca kang lali

den nedya raharja

mangkono tindakira

…………………….(8i)

sira menenga

aja sok angrasani


18.Ukara ingkang trep kangge njangkepi gatra ing inggil yaiku…. (jawaban lebih dari 1)

  1. yen ora ngganggu liyane wis
  2. nek ra nggugu liya ya wis
  3. nek ora nggugu liya wes
  4. yen ora nggugu liya wis
19. (Jawaban lebih dari 1)

Pada 12

Ngandhut rukun becike ngarep kewala

Ing wuri hangrasani

Ingkang ora ana

Kabeh kang rinasan

Ala lan becik denrasani

Tan parah-parah

Wirangronge dumadi

 

Gatra ingkang kacithak miring ing inggil tegese ….

A.  ing ngarep nyontoni

B.  ana mburi dha rerasan

C.  ing wingking ngrasani

D.  ana tengah ngandhani


20. Gatekna cakepan tembang kasebut!

(Jawaban lebih dari 1)

Durma

 

ingkang eling ya ngelingana marang

sanak kanca kang lali

den nedya raharja

mangkono tindakira

…………………….(8i)

sira menenga

aja sok angrasani

 

Ukara ingkang trep kangge njangkepi gatra ing inggil yaiku….

  1. yen ora ngganggu liyane wis
  2. nek ra nggugu liya ya wis
  3. nek ora nggugu liya wes
  4. yen ora nggugu liya wis

 

 



 


9



Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa