Posts

Gladhen Soal Basa Jawa Kelas 8-2

    Gatekna urutan crita iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1 ! 1)       Dewi Sinta weruh kidang mas sing wujude edi peni. 2)       Sadurunge Ramawijaya ngoyak kidang mau, nitip pesen marang L es mana. 3)       Ramawijaya sing tresna marang garwane banjur arep nyekelake kidang mas mau. 4)       L es mana diutus Rama aja nganti ninggalake Dewi Sinta sadurunge dheweke bali.   1.       U rutan crita kang bener yaiku …. A.     (1)-(2)-(3)-(4) B.      (1)-(3)-(2)-(4) C.      (3)-(2)-(1)-(4) D.     (3)-(2)-(4)-(1) Wacanen teks kasebut! Dumugi ing Nagari Alengka. Sinta dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang saha prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas inten barleyan. Sinta  boten gumun. Boten ngrewes. Rahwana nyobi ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Nanging Sinta cariyos bilih tansah enget tuwin tansah setya dhateng Rama. Mireng mekaten punika, Rahwana muntab nesunipun, mra

Gladhen AAJ Basa Jawa-1

  Anoman Duta             Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sedherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun Anoman kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati. 1. Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku… . A.   Kudu m bales tumindak alane liyan marang awake dhewe B.   Gampang percaya karo wong sanajan durung suwe kenal C.   Dadi manungsa iku kudu tansah waspada lan ngati-ati D.   Tumindak ala bakal dipunwales dening Gusti Allah 2. Rewan d a Seta kang dadi utusane Raden Ramawijaya iku putrane … A.   Subali B.    Sugriwa C.    Anoman