Gladhen Soal Basa Jawa Kelas 8-2
Gatekna urutan crita iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1!
1)
Dewi Sinta weruh kidang mas sing
wujude edi peni. |
2)
Sadurunge Ramawijaya ngoyak kidang
mau, nitip pesen marang Lesmana. |
3)
Ramawijaya sing tresna marang garwane
banjur arep nyekelake kidang mas mau. |
4)
Lesmana diutus Rama aja nganti ninggalake
Dewi Sinta sadurunge dheweke bali. |
1. Urutan crita kang bener yaiku ….
A. (1)-(2)-(3)-(4)
B. (1)-(3)-(2)-(4)
C. (3)-(2)-(1)-(4)
D. (3)-(2)-(4)-(1)
Wacanen teks kasebut!
Dumugi ing Nagari Alengka. Sinta
dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang saha prabot ingkang sakalangkung
edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas inten barleyan. Sinta boten gumun. Boten ngrewes. Rahwana nyobi
ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Nanging Sinta cariyos bilih tansah enget
tuwin tansah setya dhateng Rama. Mireng mekaten punika, Rahwana muntab nesunipun,
mratelakaken manawi Sinta boten teluk badhe dipuntelasi. Sinta tetep teguh
santosa ing budi. Rahwana saya jengkel lajeng mrentahaken supados Sinta
dipunjagi dening raseksi-raseksi ingkang galak saha ndrawasi.
2. Tumindak
apa kang jumbuh karo piwulang saka wacan kasebut?
A. Tansah mujudake kekarepan sanajan ora jumbuh karo
kahanan.
B. Seneng mamerake bandha donya supaya diajeni dening wong
liya.
C. Nindakake bab kang ala supaya kabeh gegayuhane bisa
kasembadan.
D. Sanajan dipameri bandha donya nanging tansah enget lan
setya marang garwa.
3. Ukara ing ngandhap nudhuhaken menawa Rahwana minangka paraga
antagonis, kajawi ....
A. Rahwana
muntab nesunipun.
B. Rahwana mratelakaken
Sinta badhe dipuntelasi.
C. Rahwana nyobi ngarih-arih sarta nglelipur Sinta.
D. Rahwana mrentahaken Sinta dipunjagi raseksi galak.
4. Pak Harno : “Kene Ndhuk lungguh kene!”
Ratri : “Wonten napa, Pak?”
Pak Harno :
“Ana PR pa ora?”
Ratri :
“Wonten.”
Tembung krama sing digunakake ing pacelathon kasebut
yaiku ….
a. wonten napa
b. lungguh kene
c. ana PR
d. kene
5. Basa sing digunakake Ratri nalika matur marang bapake yaiku ….
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d.
krama alus
6. “... Nalika raganipun
dipunbesmi dening Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun
negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged
kepanggih kaliyan Sinta. …”
Sing menehi pituduh penere negara Alengka yaiku ….
a.
manuk Jatayu
b.
swara gaib
c.
keluking geni
7. Ajisaka banjur nantang kadigdayane raja. Tembung kadigdayane padha tegese ....
a.
ksatriyane
b.
kekuwatane
c.
kepinterane
d.
kaluwihane
8. “…Gempa bumi nggawe kapitunan….” Ukara kang padha tegese karo tembung kang kacithak kandel yaiku ….
a.
Bakul kuwi biasane golek
bathi.
b.
Kanugrahaning Gusti nggawe
bagya.
c.
Susah seneng dilakoni nganti
dadi pakulinan.
d.
Sembrana nggawe nandang rugi.
Rajaning peksi punika namanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata.
Nalika sumerep putrane mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi.
Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana boten nguwalaken saengga
dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar
dening Rahwana. Salah setunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu taksih megap-megap
dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan.
Bakune cariyos ing pethilan teks kasebat inggih menika .... (jawaban luwih saka 1)
A. Peksi Jatayu nulungi Sinta kang dicolong Rahwana lan kasil.
B. Sinta digawa menyang Alengka, awake lara kabeh amarga diceneng-ceneng.
C. Jatayu paring pitulungan marang Sinta nanging kalah dening Rahwana
D. Rahwana kasil nulungi Dewi Sinta banjur diajak lunga menyang Alengka
10. Wacanen teks kasebut!
"... Sawijining dina ana wong lanang jenenge Sonta mara nemoni Kyai Kramat lan kandha yen dheweke kepengin dadi abdine Kyai Kramat, lan langsung ditampa dening Kyai Kramat. Sonta olehe nyambut gawe pancen sregep supaya ora konangan. Nanging nalika wengi, Sonta ngetokake kaya upas banjur nyebar ing desa kasebut. Esuke Pangeran Purbaya oleh kabar, akeh warga desa kang padha kena lelara. Pangeran Purbaya banjur njaluk pituduh marang Panembahan Senapati. Panembahan Senapati sedya nyuwun wangsit marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Sawise oleh wangsit, Pangeran Purbaya mangerteni dene sing gawe penyakit iku jin, banjur nemoni Kyai Kramat. Sonta kang krungu rembugane Kyai Kramat karo Pangeran Purbaya banjur ngilang. Krungu kabar iku, Kyai Kramat duka. ..."
Apa piwulang
luhur saka pethilan crita legendha kasebut? (pilihan jawaban luwih saka 1)
a.
Kudu eling
lan waspada marang sapa bae.
b.
Aja gampang
percaya karo wong
liya.
c.
Kudu nyuwun
pitedah mring Gusti Allah.
d.
Yen ana perkara kudu nganggo perang.
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1. Gawea teks pacelathon kang isine ngampil buku ing perpustakaan ngangge basa krama, paling sithik 6 ukara!
2. Piwulang becik apa kang tinemu ing teks wacan kasebut?
Dumugi ing
Nagari Alengka, Sinta dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang
sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas, intan, lan
barleyan. Nanging sedaya kala wau
boten dipunrewes dening Sinta. Rahwana pengin supados Sinta menika purun
dados garwanipun. Pepenginan menika boten dipungugu, Sinta malah cariyos
bilih taksih piyambakipun taksih enget lan tansah setya dhateng Rama. |
3. Wacanen teks kasebut!
DUMADINE
BANYUMANIK “Heh,
mandheg!” panggetake rampok marang Ki Ageng Pandhanaran. “Ya, ana apa Ki Sanak ?” pitakone Ki
Ageng Pandhanaran kanthi sabar lan ngendhegake lakune. “Aja, aja!” Nyi
Ageng Pandhanaran gemeter keweden. Para
perampok ora predhuli
marang Nyi Ageng. Kabeh barang-barang sing diasta Ki
Ageng dirampas. Bubar ngrampas para rampok lunga mggeblas kanthi ngguyu
lakak-lakak. Nyi Ageng Pandhanaran banget sedhihe,
nanging Ki Ageng tetep sabar. Nganti bola-bali Ki Ageng nuturi Nyi Ageng. “Wis ta Nyi, ora perlu digelani, aja
sedhih. Percaya marang Gusti Allah liya wektu
bakal entuk gantine.” Panjenengane
banjur nerusake laku nganti tekan sawijining gumuk, kekarone padha leren
maneh. Nyi Ageng isih tansah muwun ora wis-wis yen ngelingi lelakon sing
mentas dilakoni. Nyi Ageng pancen garwane pyayi sekti, ana kedadeyan maneh
tetesan luhe Nyi Ageng nganti wujud sendhang sakwali ambane. Banyune sing
bening kinclong-kinclong kaya dene manik (berlian). Karo isih muwun Nyi Ageng banjur
ngucap, “Besuk yen ana rejane jaman papan iki dakjenengake Banyumanik.”
Nyi Ageng banjur nerusake laku karo mirsani gunung sing ana sacedhake papan
mau, “Dene gunung sing ana kana kae dakwenehi aran Gunung Manik Maya!” |
4. Unsur pokok pawarta ana 6 kanthi rumus 5W+iH utawa adiksimba. Gawea teks pawarta (berita) basa Jawa ngenani prastawa kang ana ing sekolahanmu!
5. Tembung-tembung kang kacithak kandel kasebut kleru unggah-ungguhe, benere yaiku ....
Titok: ”Kepareng
badhe matur, rawuh kula sepisan tuwi kawilujenganipun Bapak sakulawarga, kaping kalih kula didhawuhi Pak Lurah, bilih Bapak mangke dalu sabibaripun Isya kasuwun sowan wonten bale
dhusun saprelu dipunsuwuni iguh pratikel rembugan rencana damel program Desa Hijau.”
Pak Santosa: ”Pak Lurah arep damel program
Desa Hijau?”
Titok: “Nggih Pak.”
Comments
Post a Comment