GLADHEN SOAL US

 

GLADHEN SOAL BASA JAWA KELAS IX

 

Kangge soal nomer 1-5, pilihan wangsulan luwih saka 1.

  1. Wacanen pethikan crita kasebut!

Text Box: Ki Sedhayu remen cegah dhahar lawan gulih, tegesipun asring siyam. Kejawi ngirangi dhahar ugi ngirangi sare. Ki Sedhayu remen prihatos. Menapa malih rikala wonten ontrang-ontrang perang saudara. Ki Sedhayu sansaya prihatos tuwih ngajengaken anggenipun siyam ngantos gentur utawi bibar.

 

 

 

 

 

 

 


Kepriye watake paraga Ki Sedhayu adhedhasar teks kasebut?

 

welas asih

 

prihatin

 

wicaksana

 

remen puasa

 

andhap asor


2.
Wacanen pethikan crita kasebut!

Kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sandhuwuring kraton. Omah, wewangunan liyane, lan wit-witan kang dipidak Anoman kabeh kobong. Dasamuka muntab,. Anoman kasil lolos lan bisa atur palapuran marang Prabu Rama.

Pratelan endi kang jumbuh karo isine teks kasebut?

 

 

 

 
              Anoman uga diarani kethek putih.

 

 

 
 


                    Anoman ora bisa kobong merga sekti.

 

 
 


 Anoman mencolot munggah wit angsana.

 

 
 


              Rahwana bungah lan ndhawuhi supaya nyekel Anoman.

 

 
 


              Omah lan wit-witan kobong amarga disundhul Anoman.

 3. Gatekna geguritan ing ngisor!

        Bekti kagem Ibu 

Nyuwun tambahing pangestu 

Kula badhe angayahi 

Tanggung jawab marang bangsa 

Ugi mring ibu pertiwi 

Iki pancen kewajiban 

Keng putra wus kudu ngerti

Lamun pra putri tan maju

Bakal ringkih tembe mburi

Awit ibu kang kuwasa

Mulang muruk putra -putri

Guru aneng kulawarga

Kang pawitan jroning urip

( Kabesut saking Marsudi Basa lan sastra Jawi kelas IX kaca 75)

 

 

 
             Apa isine geguritan kasebut?

 

 

 
Pangestu ibu boten patia dibutuhake. .

 

 

 
           

            Para ibu iku guru aneng kulawarga.

 

 
            Ibu ora mangestoni putrane lelungan adoh.

 

       Tanggung jawab iku kewajiban kang kudu dilakoni

 

 

                   

 
            Nyuwun pangestu awit putra badhe ngayahi ujian

 


4. Wacanen kanthi pratitis!

              Kaya padatan, saben dina Jemuwah, siswa wadon ing sekolahanku diedumi pil utawa tambah darah. Pil kasebut wajib diombe, amarga pancen wigati kanggo njaga kasarasan. Senajan gedhe mupangate, akeh siswa wadon sing rumangsa kepeksa ngombe pil kasebut. Jarene rasane ora enak. Saperangan bocah wadon uga ora bisa ngombe pil mau yen nganggo banyu utawa wedang. Bisane ngombene karo dicampur roti utawa gedhang.

....................................................................................................................................

 

Pratelan endi kang jumbuh karo isine pethilan teks wacan kasebut?

 

 
 


Saben dina Jemuwah kabeh siswa ing sekolahanku diedumi pil/tablet tambah darah

 

 

 
 


Siswa wadon wajib ngombe pil/tablet tambah darah kanggo njaga kasarasan awakke

 

 
 


      Siswa wadon padha seneng ngombe pil kasebut amarga rasane enak lan gampang diombe.


 

 
Senajan ngerti mupangate pil/tablet tambah darah siswa wadon padha ora gelem ngombe.


 

 

 
                    Pil/tablet tambah darah iku becike diombe dicampur roti, gedhang utawa panganan  liyane.

 

5. Wacanen kanthi pratitis!

                                                                        Nyadran

Nyadran asale saka bahasa sansekerta, sraddha’ sing artine keyakinan. Ing bahasa Jawa, nyadran asale saka  sadran sing artine ruwah syakban.

Nyadran yaiku tradisi budaya wujud  rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara  nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing ditindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku. Yen ing desaku dhedhaharan iku dianakake ing pesarehan, masyarakat ing kana nduweni kapercayan yen panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat yen nganakake dhedhaharan saka wujud rasa syukure marang Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ing pesarehane. Sakliyane mengeti nyadran  supaya nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad uga nduweni tujuan  supaya ora ana gangguan roh jahat.

                    

Pratelan endi kang trep karo isine teks wacan kasebut?

 

 
 


                  Adat Nyadran mujudake tradhisi budaya kang ora becik.

 

 
 


      Nyadran mujudake tradhisi budayane  masyarakat padesan..

 

 
 


                 Nyadran minangka wujud pemborosan amarga nggawa panganan.

 

 

 
 


     Nyadran mujudake tradhisi budaya wujud rasa syukur marang Gusti Allah.

 

 

 
 


     Nyadran nduweni tujuan supaya masyarakat ora ana gangguan saka roh jahat.

 

 

Wacanen geguritan iki kanggo mangsuli pitakon no. 6!


Wis Beda

Dening :Wahyu Haryansyah

Wis suwe anggone lulus sekolah

Ketemu pisan wis nggendhong bocah

Rambut cemeng wis punah

Pethuk padha rerangkulan

Kebak luh mripat kang tumiba

Rasa seneng tanpa aling-aling

Padha gumuyu nalika eling jaman bocah

Wis tau mrana-mrene bebarengan

Padha pisah, ngoyak lelakon kang dadi pepinginan

Petenge langit, kuceme rembulan kesaput mendhung

Tumeka wektune srengenge angslup ngulon

Beja, yen dhewe isih bisa gumuyu bareng

Gusti ingkang Maha Mirah

Namung saged muji syukur Alhamdulillah

anggone paring berkahe barokah

      6.  Tindak tanduk kang ora jumbuh karo isi geguritan kasebut yaiku ….

A.    tetep asring ngucap sukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa

B.     kudu rukun marang sapadha-padha lan padha ajen-kinajenan

C.     ngucap sukur marang Gusti Allah anggone wis paring kesehatan

D.    manungsa kudu sukur manawa bisa ketemu marang kanca lawas

 

Wacanen geguritan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 7!

Kebak Kasabaran

Dening : Dyah Tri Widayanti 

Sedhih rasane yen kelingan,

Nalika ngangsu kawruh ing pawiyatan

Nilar bapak kang gerah kesakitan

    Pawongan sepuh kang kebak kasabaran

Kebak kawruh lan mumpuni ing samubarang

Kadya pahlawan ana ing paprangan

Lila legawa ngorbanake jiwa lan raga

Ngupaya kanggo nyukupi butuhe kulawarga

    Bapak ora tau sambat

Sregep ngibadah lan dedonga ora kendhat

Apa maneh sangu lan jajane anak

Ora tau kliwat

    Mugi Gusti tansah pinaringan kasarasan

Bapak kang gerah kesakitan

Sabar nengga putra pikantuk kelulusan

Sedaya gegayuhan saged kasembadan


7.       Amanat apa kang ora jumbuh karo isine geguritan kasebut?

A.    Kudu eling lan bales pangorbanane bapak anggone kulawarga

B.     Dadia putra kang pinter kanggo gawe bungah kulawarga

C.     Tumindaka kaya pahlawan kang gawe bungahe negara

D.    Tansah dedonga marang bapak diparingi kasarasan


Teks wacan kanggo no. 8.

Banjir

Merdeka.com – Banjir bandhang ingkang dumados wonten Kecamatan Undhakan, Kabupaten Kudus Propinsi Jawa Tengah pranyata saestu nggegirisi manah. Banjir kasebat dumados kinten-kinten tabuh tiga enjing. Kirang langkung wonten 44 griya ingkang risak. 10 griya risak berat umpamanipun ambruk, payonipun ambrol, dene 34 griya sanesipun kalebet risak entheng inggih menika tembokipun namung benthet utawi retak.

Wondene ingkang njalari banjir, jawah ingkang teras-terasan tan wonten pedhotipun saking Pegunungan Kendheng, inggih menika salah satunggaling tlatah ing Kaki Gunung Murya. Toya jawah ingkang kacampur lumpur tuwin sela saking redi kasebut.

 

8.                Pratelan kang jumbuh karo teks prastawa kasebut yaiku … .

A.       Banjir ing Undhakan Kudus sampun asring, amargi jawah saking enjang dumugi sonten.

B.        Kudus kebanjiran mila kathah griya ingkang sami ambruk amargi toya banjir kacampur sela lan lumpur

C.        Amargi banjir bandhang, kirang lagkung wonten 40 griya ingkang risak. 10 risak berat, 30 risak entheng

D.       Jawah ingkang teras-terasan saking Pegunungan Kendheng nyebabaken Undhakan banjir bandhang

 

Wacanen teks tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 9-10!

                   Gambuh

 

aja nganti kebanjur,

barang polah ingkang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku.

pitutur ingkang sayektos

(Kapethik saking Serat Wulangreh : Sunan Pakubuwana IV)

 

9.  Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

     Gatra tembang kasebut nduweni teges yen wis kebacut ….

A.    bakal gawe gela

B.     bakal gawe cilaka.

C.     ora bakal gawe gela

D.    ora bakal gawe cilak

10. Paugeran tembang kasebut yaiku guru wilangan lan guru lagune ana ....

A.    7u, 10u, 11i, 7u, 8o

B.     7u, 10u, 11i, 8u, 8o

C.     7u, 10u, 12i, 7u, 8o

D.    7u, 10u, 12i, 8u, 8o

 

Wacan teks tembang dhandhanggula kanggo soal 11.

Pamedare wasitaning ati,
cumantaka aniru Pujangga,
dahat muda ing batine.
Nanging kedah ginunggung,
datan weruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka,

basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padanging sasmita

11.  Pitutur luhur saka tembang Dhandhanggula kasebut yaiku dadi.…

A.    wong aja seneng meksakake yen duwe kekarepan marang wong liya

B.     manungsa kudu nganggo basa isyarat yen guneman marang wong liya

C.     wong aja kesenengan yen dialem amarga mesti bakal digunem ala

D.    wong ora kena duwe watak kedanan drajat, pangkat lan kadonyan

                       Semaken teks tembang kasebut!        

Sasmitaning ngaurip puniki,

apan ewuh yen nora weruha,

tan jumeneng ing uripe,

akeh kang ngaku-aku,

pangrasane sampun udani,

tur durung wruh ing rasa,

rasa kang satuh

rasaning rasa punika,

upayanen darapon sampurna ugi,

ing kauripanira.

12. Ukara gatra kapisan ing tembang Dhandhanggula “sasmitaning ngaurip puniki” nduweni teges…

A.       ora bakal kopahami komangerteni

B.        isyarat/tanda  ing panguripan iki

C.        supaya sampurna ing uripmu

D.       ora ana katentreman urip

 

Tembang Sinom  kanggo mangsuli pitakon nomer 13!

S I N O M

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi,

amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone didokok ngayun,

pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.

 

(Kapethik saking Serat Wulangreh : Sunan Pakubuwana IV)

 13. Cacahe guru wilangan lan guru lagune tembang Sinom kasebut yaiku ....

A.    8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8n, 7a, 8i, 12a

B.     7a, 7i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 11a

C.     7a, 8i, 9a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 10a

D.    8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

 Semaken teks tembang kasebut kanggo mangsuli soal nomer 14.

Mapan watake manungsa,

pan ketemu ing laku lawan linggih,

solah muna-muninipun,

pan dadi panengeran ingkang,

kang apinter kang bodho miwah kang luhur,

kang sugih lan kang melarat,

tanapi manusa singgih

 

14.  Wos/isi tembang pangkur kasebut yaiku . . ..

A.    Tumindak manungsa kang kudu ngerteni ngendi sing sugih lan mlarat

B.     Manungsa kudu ngerteni tumindak kang bisa netepi ala lan apik ing urip

C.     Tumindake manungsa bisa dingerteni lan dititeni saka carane tumindak

D.    Tumindak manungsa kang ora bisa njaga apa kang diucapake lan dilakoni

 

Semaken teks tembang pangkur kasebut!

Sekar pangkur kang winarna,

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

Ala lan becik puniku,

Prayoga kawruhana,

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

 

15.  Nilai karakter kang bisa dituladha saka tembang pangkur kasebut yaiku . . ..

A.    duweni unggah-ungguh

B.     sregep anggone sinau

C.     seneng aweh pitulungan

D.    seneng tapa awan wengi

 Wacanen teks pacelathon iki kanggo mangsuli pitakon nomor 16!

        Pakdhe Agung    : “Azza wis bali ta nduk?”

        Azzahira                 : “nggih pakdhe, kula sampun wangsul wau dalu saking Surabaya. kula seneng  pakdhe  bisa dolan menyang Surabaya .”

        Pakdhe Agung      : “ ya apik, seneng apa ora dolan ning simbah?

        Azzahira               : “ seneng banget pakdhe. bisa deleng sawah, golek iwak ing kali, lan liya-liyane.”

        Pakdhe Agung      : “La bapak karo ibu baline kapan, Za?”    

        Azzahira              : “………………………………………..”

        Pakdhe Agung    : “Ya, kandakna ati-ati, moga-moga slamet tekan omah.”

 

16. Endi ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut?

A.  Bapak lan Ibu baline mengko sore.

B.  Bapak lan Ibu kondur mangke sore.

C.  Bapak lan Ibu wangsul mangke sonten.

D.  Bapak lan Ibu kondur mangke sonten.

Tembang  kinanthi  kanggo mangsuli pitakon nomer 17!

            Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.

           (Kapethik saking Serat Wulangreh : Sunan Pakubuwana IV)

 

17. Apa isi tembang kinanthi kasebut?

A.    Padha kulinakna ning ati, supaya pikiranmu uga ati - ati, aja mung mangan lan turu.

B.     Padha kulinakna ning ati, supaya pikiranmu weruh, aja mung mangan lan turu.

C.     Aja mung mangan lan turu, kulinakna mikir lan ngati - ati, supaya pikiranmu weruh,

D.    Supaya pikiranmu weruh, mula kulinakna sing ati -  ati, , aja mung magan lan turu.

 Wacanen teks prastawa budaya kasebut!

Ing kabupaten Pati ana kirap bendera kang dawane 100 meter lan ambane 3 meter diarak saka stadion Jayakusuma saka tabuh setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing alun-alun Pati. Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti dina Kasekten Pancasila, 1 Oktober 2021 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme para mudha jaman sakniki kang arep luntur. Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra-putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI), Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturake yen dheweke matur nuwun marang para pihak kang melu acara iki lan sing preduli karo kagiyatan iki. Dheweke nduweni pangarep-arep kagiyatan kaya ngene iki bisa dianakake setaun pisan.

 18.  Isine pawarta kasebut yaiku ....

A.    Acara ing tanggal 1 Oktober 2021

B.     Mengeti dina Kasekten Pancasila

C.     Kirab bendera ing kabupaten Pati

D.     Stadion Jayakusuma nalika tabuh 4 sore

 Wacanen teks crita wayang kasebut!

Resi Jatayu

Resi Jatayu iku sejatine kanca kenthele Prabu Dasarata. Resi Jatayu iku minangka rajaning manuk. Kacarita Dewi Sinta, putri mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana. Mangerteni kadadean kasebut mula  Resi Jatayu age-age aweh pitulungan. Resi Jatayu  ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana ananging ora kasil. Resi Jatayu kalah kuwat.  Swiwine Resi Jatayu ditugel nganti sengkleh, wulune dibodholi lan ditendang dening Rahwana nganti kejet-kejet.

Resi Jatayu isih bisa nyritakake lelakone lan menehi weruh menyang endi parane Rahwana sing nyolong Sinta. Durung nganti rampung anggone crita, Resi Jatyu tumekaning pati.  Resi Jatayu banjur kaobong dening Rama. Keluke geni kumebul tumuju langit sing arahe  menyang negara Alengka. Keprungu swara tanpa rupa. Swara mau menehi pituduh carane nemokake Sinta.

 

19. Pitutur luhur kang ana ing pethikan crita kasebut yaiku …

A.    Aja seneng ngurusi urusane wong liya.

B.     Kabeh manungsa iku bakale mesthi mati.

C.     Aja seneng cedhak-cedhak karo wong kang bakal gawe cilaka.

D.    Dadi wong kudu tetulung marang sapa wae kang nandhang cilaka.

 

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Pak Bambang : “………………………………………….”

            Roni                : “Kula bidhal saking griya tabuh 06.45, Pak.”

 

20. Pitakone Pak Bambang sing bener miturut unggah-ungguh basa Jawa, yaiku…. 

A.    Pak Bambang dhek mau mulih jam pira?

B.     Pak Bambang kalawau tindak tabuh pinten?

C.     Nak Roni kalawau kondur tabuh pinten?

D.    Nak Roni dhek mau mangkat saka omah jam pira?

 Teks wacan kangge soal 21.

Jaka Tarub

Ing sawijining dina nalika Jaka Tarub nembe golek kayu ing alas, dheweke weruh putri-putri kang ayu rupane nembe padha adus ing tlaga. Tuwuh niate Jaka Tarub nyolong slendhang salah siji putri mau. Kanthi alon-alon Jaka Tarub njupuk salah siji slendhange puti-putri mau. Ora let suwe, putri-putri mau wis rampung anggone adus, banjur marani papan panggonan kang kanggo ndeleh slendhang. Kabeh wis padha njupuk slendhange dhewe-dhewe, nanging salah siji putri bingung, amarga slendhange ora ana. Kabeh putri padha ngrewangi nggoleki lan ora bisa nemokake. Jalaran wis sore, kapeksa putri kang kelangan slendhang mau ditinggal, liyane padha bali menyang kahyangan.

 

21.  Kepriye panemumu ngenani watake Jaka Tarub kang tumindak njupuk barange liyan saka carita kasebut?

A.    Ora setuju jalaran tumindak culika njupuk barange wong liyan iku minangka tumindak ala.

B.     Ora setuju jalaran tumindak njupuk barange wong liya iku nuduhake akhlak kang rada becik.

C.     Setuju jalaran mangerteni wanita kang sulistya ing warna wis salumrahe wong lanang kapranan.

D.    Setuju jalaran putri kang nembe adus iku widodari kang ayu rupane, ora salah Jaka Tarub tresna

 

Teks wacan kangge nomer 22.

“…. Dumugi Wana Dhandhaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados Kidang Kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwun  nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika….”

 

22.  Pratelan kang jumbuh karo teks wacan kasebut yaiku ….

A.    Kala Marica ingkang dados Kidang Kencana

B.     Kidang Kencana dados reseksa kang wewah

C.     Rama kasuwun nyepengaken  kewan kancil

D.    Sinta kepengin nyepeng Kidang Kencana

 

“…. Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran/wulangan basa Jawa Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran/wulangan basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sewengi pancen kurang turu melek-melek sedulurku duwe gawe sunatan. Pak D asmane guru basa Jawa. Piyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwene aku diwulang. Pak D ora tau duka apa maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga kalebu guru sabar lan apikan, Pak D disenengi para siswa….”

 

23.   Isine pethilan crita pengalaman kasebut yaiku ….

A.    sinau maca ukara aksara Jawa

B.     maca lan nulis aksara Jawa

C.     maca pemahaman

D.    nulis aksara Jawa

 

Sekaten (dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat) yaiku salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa sukur masarakat Islam Jawa Tengah sing dianakake saben sasi Mulud penanggalan Jawa kanggo mengeti miyose Nabi Muhammad SAW. Jaman biyen upacara iki dienggo dening Sultan Hamengku Buwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta, kanggo ngundang masarakat mlebu agama Islam.

Ing upacara Sekaten rerangken adicara sing paling dienteni yaiku metune gamelan kraton Kyai Nagawilaga lan Kyai Gunturmadu kanggo diunekke ing Pagongan Mesjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal Pancaniti menyang Mesjid Gedhe, banjur kanggo ditabuh seminggu suwene lan disiyarake nganti Dalan Malioboro saengga nambah swasana budaya kutha Ngayogyakarta. Pungkasane acara Sekaten yaiku metune gunungan sing diarani Grebeg Mulud, sing dhasare nggambarake sedhekahing para raja marang rakyate lan nyimbulake kasejahteraan.

 

24.  Dudutan saka teks deskripsi kasebut kang trep yaiku….

A.    upacara adat ing Surakarta kang dijupuk saka tembung syahadatain, kanggo mengeti sasi pasa utawa Ramadhan.

B.     upacara ada Sekaten dienggo dening Sultan Hamengku Buwana II, pangadeg Kraton Ngayogyakarta, kanggo ngundang masarakat mlebu agama Islam.

C.     Gamelan kraton diarak saka Mesjid Gedhe menyang Bangsal Pancaniti, banjur ditabuh seminggu suwene.

D.    gamelan Kraton Kyai Nagawilaga lan Kyai Gunturmadu diunekke ing Pagongan Mesjid Gedhe nalika upacara Sekaten.

 

“... Ki Ajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amargi ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipun. Supados saged dipunanggep putranipun Ki Ajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang. Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki Ajar ngetutaken saking wingking. Baru Klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Ajar lajeng medal lan mungkes ilat menika.”

 

25.  Apa kang ditindakake dening Baru Klinthing supaya diakoni dadi putrane Ki Ajar?

A.    Tansah ngetutake Ki Ajar

B.     Nindakake laku tarak brata

C.     Bekti marang Ki Ajar

D.    Nindakake kuwajibane

 

Warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggaling warga ingkang badhe mecah pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul wit kala wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Sukmanipun Baru Klinthing ngetutaken warga kanthi njilma dados pemudha ingkang reged kanthi nama Jaka Bandung. Pemudha wau nyuwun pangan nanging alah dipunsingkang-singkang. Nanging wonten salah satunggaling pawongan ingkang nyukani tedha dhateng piyambakipun, inggih menika Ni endhang Ariwulan.

      Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih. Nanging malah dipunisin-isin. Mila Jaka nantang sinten ingkang saged  njabut sada ingkang dipuntancepaken piyambakipun badhe dipunsembah kaping pitu. Pranyata boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged. Jaka Bandung lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur  saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang nglelebaken dhusun saisinipun.

 

26.  Kepriye watake wong-wong desa Pathok ana ing crita kasebut?

A.    apikan

B.     umuk

C.     pelit

D.    sregep

 

 

Semaken teks pacelathon kasebut!

…………………………………...

Hartadi : “Ilham, sida apa ora, mengko bengi menyang omahku, jare arep sinau bersama. Sisan nggarap PR ya?”

Ilham    : “Ya mesthi. Aku sida menyang omahmu. Omahmu rak sing gedhe lan jembar. Mengko bengi jam pitu, ya?

Intan    : “Aku melu lo, Har. Aku uga kepengin oleh biji apik. Apamaneh awake dhewe wis klas 9, tugas lan tanggung jawabe luwih gedhe tinimbang klas 7 lan 8.””

Nunuk  : “Aku kok ora dijak piye, ta? Aku ya kepengin sinau bebarengan.”

Margaret : “Ya wis, mengko bengi Nunuk dakampiri, ya?”

Nunuk     : “Ya, aku rencana numpak sepedha motor wae supaya cepet.”

 

27. Pratelan sing ora jumbuh karo isine sandiwara kasebut, yaiku ... .

A.    sinau bareng lan nggarap PR

B.     omahe Hartadi kang gedhe

C.     dhiskusi babagan Pilkaos

D.    paragane ana enem

 

Wacanen ilustrasi iki kanggo mangsuli pitakon nomer 28!

Rounded Rectangle: SMP Suka Seneng saben taun nganakake acara perpisahan kelas IX. Acara perpisahan kang biasane dianakake mapan ing hotel, ananging ing taun iki ana pandemi covid 19, mula kang biasane perpisahan dianakake ing hotel, saiki diubah kanthi model virtual. Adicara pepisahan kelas IX bakal dianakake ing dina Setu, 14 Mei 2022, mapan ing aula SMP Suka Seneng kang rawuh Kepala Sekolah, Guru, wong tuwa, komite, siswa kelas 9, lan perwakilan kelas 7 lan 8. Brian didhawuhi atur sesorah/pidato minangka wakil siswa kelas 9 kanthi virtual.
 

 

 

 

 

 

 28.  Manut teks kasebut, kang nuduhake ukara pambuka sesorah kang jumbuh karo pratelan kasebut yaiku …

A.    Ingkang kinurmatan Kepala SMP Suka Seneng, komite sekolah, tiyang sepuh ingkang kula urmati, kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 kang tak tresnani.

B.     Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kiranging atur kula nyuwun pangapunten.

C.     Kangge para adhi-adhi kelas 7 lan 8, tetep semangat anggone sinnau ana papan kene, muga bisa gawe senenge Bapak/Ibu guru.

D.    Bapak lan Ibu, kula lan sakanca nyuwun pamit lan pangestu anggene badhe nglajengaken ing papan langkung inggil.

 

Gatekna teks pidhato ing tabel ngisor iki !

1

Wasana cekap semanten anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbok manawi wonten kalepatan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.

2

Panjenenganipun para rawuh ingkang tansah kinurmatan.

3

Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng para Bapak/Ibu dosen ingkang sampun paring ilmu ingkang mupangat kangge kita sedaya. Mugi Bapak/Ibu langkung sehat sarta sukses.

4

Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji sukur dhateng Ingkang Maha Agung ingkang paring rahmat hidayah dhateng panjenengan sedaya.

 

  1. Wahyu didhawuhi pidhato ing acara syukuran lulus sarjana kanthi konsep teks kasebut.     Urutan kang bener nalika Wahyu nindakake pidhato yaiku ... .

A.    1, 2, 3, 4

B.     2, 3, 4, 1

C.     2, 4, 3, 1                                                                                                

D.    3, 4, 2, 1

 

30.  Semaken gambar ing ngisor iki !

1

2

Mengenal Tradisi Tedak Siten, Tradisi Jawa agar Anak Sukses di Masa Depan |  Orami

3

4

Gambar kasebut minangka adat tedhak siti kang ana ing tlatah Jawa. Urutan adicara kang bener yaiku ... .

A.    (1), (3), (4), (2)

B.     (2), (3), (1), (4)

C.     (3), (1), (2), (4)

D.    (3), (2), (4), (1)

 

    Wacanen crita budaya kasebut!   

                                                               Dugderan

               Dugderan iku salah sawijining kabudayan utawa tradisine wong Semarang. Wujude yaiku upacara adat kanggo mengeti tekane sasi pasa/Ramadhan.  Sing ana pancen mung ing kutha Semarang, Dhug-Dher…! Wiwit dhek jamane Kanjeng Adipati Raden Mas Tumenggung Arya (RMTA) ing antarane taun 1881. Dhug-Dher kae mau (mba­rengi swara bedhug ditabuh, binarung swarane/unine mercon “dheeerrr…” kang nandhani wiwitane wulan Ramadhon kanggo umat Islam nglakoni pasa sesasi muput. Dugderan dianakake sedina sadurunge tekane sasi Pasa

                Dugderan nduweni tujuan kanggo gawe sarana informasine Pemerintah Kota Semarang marang masyarakat gawe menehi ngerti tekane tanggal 1 Ramadhan. Tembung Dugder iku kajupuk saka swara Bedhug "dug...dug...dug" lan swara meriam "der...der...der" banjur dadi Dugder. Ana ing adicara iki biasane dianakake acara-acara liyane, kayata pasar rakyat (sing diwiwiti seminggu sadurunge Pasa), karnaval pasukan merah putih, drumband, pasukan pakaian adat “Bhineka Tunggal Ika”, meriam, warak ngendok lan kesenian-kesenian sapanunggalane sing ana ing tlatah Semarang.

                                                                            (http://saeitubaik.blogspot.com)

31.  Prastawa budaya “Dugderan”  nggadhahi mupangat (manfaat) ... .

A.  kanggo nambahi ramene Kutha Semarang

B.  supaya kesenian dikenal ing negara manca

C.  nuwuhake rasa bombong tumrap budaya kita

D.  sarana informasi masyarakat Jawa Tengah

 

Wacan kanggo mangsuli soal nomer 32.

Dhika  :”Wah…matur nuwun ya, Id. Aku wis ngrepoti kangmasmu. Aku rumangsa salah lho, Id. Kudune PR dakgarap dhewe, malah aku mundhut jawaban saka wong liya. Kudune aku mbudidaya nganti bisa, malah njaluk diajari masmu. Aku kleru, Id. Aku kleru.”

Said     :”Aku ya wis mbatin, Dhika. PR kudune digarap dhewe malah njaluk diajari wong liya. Sesuk maneh aja dibaleni ta, Dhik. Cukup sepisan iki. Luwih becik digarap dhewe. Manawa bisa ya maca buku sumber kang wis ana. Ngono aranae pelajar tenan, Dhik.”

Dhika  :”Ya, ya aku kang salah. Sesuk mane hora dakbaleni.”

Said     :”Ya, Dhika. Tenan ya. Jujur ya. Aja dibaleni maneh ya. Kowe kang rygi dhewe ing mburine.”

Dhika  :”Ya aku janji arep jujur. Jujur iku menang, jujur iku onjo.”

 

32.     Kudune PR dakgarap dhewe, malah aku mundhut jawaban saka wong liya.

 Tembung kang kacithak miring miturut unggah-ungguh kliru, benere . . . .

A.    nyuwun

B.     njaluk

C.     suwun

D.    matur

 

Wacanen pethilan crita wayang Anoman Duta kanggo mangsuli soal nomer 33-34!

“... Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga ... lan malah mencolot sadhuwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik, asri saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman, nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama ...”

(Pustaka Candra, Edisi 8  kanthi kabesut saprelune)

 

33. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga ... lan malah mencolot sadhuwuring kraton.

 Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....

A.  otot kuwat

B.  balung wesi

C.  sekti tanpa guna

D.  sekti mandra guna

 

34. Pitutur luhur ing crita kasebut yaiku dadi manungsa ... .

A.  iku aja srakah

B.  sing grapyak

C.  sakarepe dhewe

D.  aja seneng tetulung

 

 

Wacanen teks tembang kasebut!

                             Durma

Dipunsami hambanting sariranira

Cegah dhahar lawan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra-ambra

Rerema ing tyas sireki

Dadya sabarang

Karsanira lestari

 35. Gatra kang  kapisan ing tembang Durma kasebut nduweni teges ....

A.    dibisa ngendhaleni dhiri

B.     ngumbar hawa nepsu

C.     ngurangi mangan lan turu

D.    ora bisa ngurangi nepsu

  

-000-

 


Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1