Materi PAT

 

MATERI, TEKS WACAN, LAN GLADHEN SOAL

 

  1. Materi PAT kelas 9 lan  TuladhaTeks Wacan

a.      Teks Geguritan 

                Ibu

Ibu ...

Kula nyuwun pamit

pamit dhateng kutha

pados pangupa jiwa

Ibu...

kula nyuwun sangu

sangu donga sanes japa mantra

uga sanes sangu arta

Ibu...

kula nyuwun pangestu

mugi mboten wonten godha rencana

nyrimpeti lampah kula

Ibu...

kula atur panuwun

pangestu lan pandonga kula tampa

minangka kagem nggayuh kamulyan

 

 

Aku Bocah Jawa

 

Aku bocah Jawa

Aku rumangsa ora duwe apa-apa

Sing awujud banda donya

Iki dudu takeran

Sanajan mangkono,

Bab budaya unggah-ungguh munggahing tata krama

Tetep tak ugemi

Tak sunggi nganti lumebu ing bumi

 

Aku bocah Jawa

Ora bakal sulap marang gebyaring kahanan

Apa perlu ben diarani modern

Banjur ngecet ngawul-awul ngucir rambut

Ben kaya buntut jaran sing akeh tumane?

Utawa nato awak

Gawe gambar tengkorak

Ben katon sereng medeni ning sajatine koplak?

Ana maneh sing nindhik irung

Kaya kebo sapi disongkok

Ilere dleweran njijeni?

 

Dudu

Dudu iku wujude bocah Jawa

Ayo kanca wis wancine

Gumgregah tangi

Nata panguripan

Tuduhna menawa Jawa iku

Punjere budaya luhur!

 

                      

 Eling 

 

Para mudha...

Elinga marang agama,

Agama kang dadi ageming aji,

Agama kang bisa dadi gegamaning ati.

 

Para mudha.....

Elinga marang wong tua,

Aja nganti tumindak durhaka,

Mengko mundhak mlebu neraka,

 

Para mudha.....

Elinga marang bangsa lan negara,

Aja mung padha suka –suka,

Gawe maksiat sarta dosa,

Nganti lali nerak marang angger-anggereing agama.

Elinga.......

Urip iku mung sepisan,

Aja nganti congkrah marang liyan,

Kareben tentrem urip bebrayan.

  

Dina Bada

Wus sawulan daklakoni

Ngelak, luwe, lan nyancang ati

Luru katentremaning jiwa suci

 

Nanging dina iki beda

Dina iki dina mulya

Kabeh padha ingapura

Dina iki dina bada

 

b.   Teks Tembang Durma Serat Wulangreh

 

Dipunsami ambanting ing badanira

Nyuda dhahar lan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra-ambra

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabrang

Karya nira lestari

 

Ing pangrawuh, lair batin aja mamang,

yen sira wus udani,

mring sariranira,

lamun ana kang murba,

masesa ing alam kabil

dadi sabarang,

pakaryanira ugi.

 

Mung tindake dhewe datan winaonan,

            ngrasa bener pribadi,

            sanadyan benera,

            yen tindake wong liya,

            pasti den arani sisip,

            iku wong ala,

            ngganggo bener pribadi.

 

 

c.       Teks Sesorah (Pidhato)

                                          Sesorah Syukuran Wisudha

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten. Para tamu undangan ingkang kinurmatan

Sumangga langkung rumiyin tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya, sahengga kula panjenengan sami saged lenggah makempal manunggal ing dalemipun Bapak Diharjo sakaluwarga kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangka sulihipun Bapak Diharjo, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun ingkang dados wigatosing sedya, inggih Bapak Diharjo sakaliyan mliginipun anakmas Wikan Kusuma kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 30 Agustus 2021 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing pawiyatan luhur tlatah Semarang. Inggih awit menika Bapak Diharjo sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti Allah mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan anakmas Wikan Kusuma, S.T lajeng saged pikantuk pedamelan ingkang dipun kersakaken. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged kula aturaken awit asmanipun ingkang hamengku gati. Pinanggih kasaring atur, lepating paramasastra, tuwin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 

Pidhato Pepisahan Kelas IX

Assalamu'alaikum wr. wb.

Bapak kepala SMP Tunas Harapan ingkang kinurmatan, bapak/ibu guru saha karyawan ingkang kula urmati, ugi kanca-kanca lan adhik-adhik ingkang kula tresnani. Mangga kita ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kenikmatan, saengga kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika tanpa alangan satunggal punapa.

Ing kalodhangan punika, keparenga kula makili kanca-kanca kelas IX badhe ngaturaken atur panuwun ingkang kathah dhumateng bapak saha ibu guru ingkang sampun mbimbing kita, saengga kita sedaya saged lulus kanthi biji ingkang sae. Kula ugi badhe nyuwun pangapunten menawi kula sakanca wonten lepatipun dhumateng bapak saha ibu guru lan adhik-adhik sedaya. Kula sakanca badhe nyuwun donga pangestu saking bapak saha ibu guru lan adhik-adhik sedaya, mugi-mugi kula sakanca saged nerasaken ing sekolah ingkang kula lan kanca-kanca idhamaken. Kula ugi tansah ndongakaken mugi-mugi adhik-adhik sedaya saged minggah kelas kanthi biji ingkang sae. Kula ugi nyuwun supados adhik-adhik kelas VII lan VIII saged njagi asma sae sekolah kita. Mugi-mugi sekolah kita punika dados sekolah ingkang dipuntresnani dening masyarakat. Aamiin...

Kula kinten cekap semanten anggenipun kula matur, menawi wonten lepat anggenipun kula matur kula nyuwun sih samodra pangaksami.

Wassalamu'alaikum wr. wb.

 

Sesorah Malem Tirakatan

Assalamualaikum Wr.Wb

         Ingkang kinabekten Bapak RT 06, ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu sedaya warga RT 06, lan para wredha mudha ingkang kawula tresnani.

         Saderengipun adicara kalajengaken, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, amargi saking rahmatipun kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat, mboten wonten alangan setunggal menapa.

         Kula ugi ngaturaken gunging panuwun dhumateng panjenengan awit sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi adicara pengetan dinten kamardikan menika.

         Para rawuh ingkang minulya, bilih kita sampun mangertosi rikala tanggal 17 Agustustus 1945, Indonesia mbiwarakaken kamardhikan RI. Ing jaman menika para pejuwang bangsa wusananipun maosaken teks  proklamasi kamardhikan Indonesia lan sila-sila Pancasila.

         Bapak ibu ingkang kinurmatan, panjenengan kasuwun rawuh ing tirakatan menika sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti mugi-mugi nagari Indonesia saklajengipun sae tinimbang sakderengipun merdheka. Sumangga kamardhikan dipunisi kaliyan pembangunan nasionalisme ingkang katandur.

         Cukup semene atur kawula, yen kathah kekurangan kawula nyuwun agunging samodra pangapura.

Wassalamualaikum Wr.Wb


d.      Teks Sandhiwara Tradhisional (Kethoprak)

                                                    Lintang Kemukus

 Jaman biyen ana sawijining kraton ing tanah Jawa yaiku kraton Candrakala.  Kraton iku kapimpin dening ratu ayu ananging emane duwe karemenan perang, nindhes negara liya lan angkara murka ajejuluk  Sri Dewi Puspitawungu. Ratu iku duwe anak kang beda watake karo ibune, jenenge Lintang Kemukus. Watake andhap asor, tresna asih lan seneng ngayomi kawulane.

Sawijining dina, kanthi sesidheman Lintang lunga menyang desa kanggo nggoleki kanca-kancane.

(Putri Lintang, Parmi, Karti, lan Sri dolanan)

Lintang             : “Wadhuh iki wis sore, aku bali menyang kraton dhisik ya...?“

Kabeh              : “Ati-ati Lintang...“

Lintang banjur mulih ning kraton dhewekan, nalika mulih ora dinyana ujug-ujug Lintang diserang begal, cacahe loro. (Gelut)

Lintang             : “Uncalna pedhangmu utawa kancamu mati!“

Banyu              : (nguncalke pedhang) “Uwis, uculna kancaku!“

Lintang             : “Bukak dhisik aling-aling raimu!”

Banyu              : (mbukak aling-aling raine) “…….”

Lintang             : (njorogake salah sijining begal) “Sapa kowe? Kenapa kowe ujug-ujug nyerang aku?“

Banyu              : “Aku mung kepingin mbales lara atiku.”

Lintang             : “Bales lara ati apa?”

Jagad               : “Ibumu wis ngrusak lan ngobrak abrik negaraku saengga aku urip tanpa      sanak sedulur. Aku kepengin ibumu bisa ngrasakake kelangan wong sing  ditresnani!”

Lintang             : “O ngono? Ngono? Menawa mengkono patenana aku…”

Banyu, Jagad   : “……”

Lintang             : (menehake pedhang marang salah sijining begal) “Ayo! Aku ngrumangsani yen aku pantes kok pateni amarga kelakuane ibuku kuwi.”

Banyu, Jagad   : “…….”

Lintang             : “Ayo patenana, aku lega lila.”

Jagad               : (maju arep mateni)

Banyu              : (menggak  kancane mateni Lintang) “Ora. Kowe ora pantes dipateni. Saiki dadi cetha yen kowe pranyata beda karo ibumu. Aku Banyu, (salaman karo Lintang) dhek biyen aku pangeran ana ing kraton Sekarwangi. Iki kancaku Jagad.” (Jagad nyalami Lintang).

Lintang             : “Kowe sakloron saiki ora kepengin mateni awakku?”

Jagad               : “Kayane ora, aku malah kepingin dadi kancamu. Kepriye?”

Lintang             : “Ehmmm…entuk wae. Dadine aku entuk lunga saiki?“

Banyu              : “Ya, aku arep nemoni awakmu yen ngepasi menyang desa iki meneh Putri Lintang.“

Lintang             : “Lintang wae.“

Banyu              : “Iya, Lintang.“

Lintang             : “Muga-muga bisa ketemu meneh…“            

(Lintang banjur lunga)

 

Rara Jonggrang

 

Jonggrang         : “Pangapurane, aku ora gelem yen digarwa dening wong kang wis merjaya ramaku. Senajan panjenengan iku duwe kaluwihan, sekti  madraguna, gagah pedeksa, nanging ….”

Bandung           : “ Nanging apa? Ha, ha, ha. Ayo kang cetha. Aku ora mudheng karepmu.”

Jonggrang         : “Nanging sampeyan kudu ngowahi watake sampeyan kang seneng umuk. Dadiya watak kaya dene satriya. Angka loro, sampeyan kudu bisa makmurke rakyat ing Prambanan iki. Kang pungkasan, sampeyan kudu bisa gawe candhi kang cacahe sewu ing wektu sawengi. Yen bisa, aku gelem sampeyan garwa. Sanggup apa ora?”

Bandung           : “Ha, ha, ha... Mung iku panyuwunmu. Iku dudu masalah kanggoku. Gampang. Apa maneh, Ndhuk cah ayu? Kabeh iku bakal daklakoni angger wae sliramu bisa dakgarwa. Ha, ha, ha ….”

 

…………………………………...

Bandung           : “He, Jonggrang, sliramu pranyata wanita kang julig, licik,lan ora nganggoni          prajanjen ya?

Jonggrang            : “Aku wis ngenggoni prajanjen. Wengine wis entek. Mula saka iku sampeyan cabar ora wenang nggarwa aku, amarga candhi sing wis sampeyan gawe lagi 999 cacahe.

Bandung           : “Kowe pranyata licik ya. Kabeh pamundhutmu wis dakturuti, nanging sliramu malah tegel marang aku. Sliramu tegel lirwa saka prajanjen. Sliramu kang utusan wong-wong desa supaya padha tangi kanggo nuthuki kenthongan lan lesung. Jago-jago padha kluruk. Aku ora ngerti iku kabeh saka pokalmu. Aku ora trima! Aku ora trima!”

Jonggrang        : “Sampeyan yen ora trima mangga, nanging aku kaya mangkono nyatane.”

Bandung          : “Amarga sliramu kang ora teguh ing janji, sliramu kang wus lirwa ing  prajanjen, mula anggonku gawe candhi kae lagi 999, mula saiki sliramu kang daksabda dadi candhi kang ngganepi dadi sewu candhi.”

 

Dumadine Jatijajar

 

Prabu Siliwangi  : “Banyak Tantra, Rama pun sepuh. Dalu niki kula timbali, awit Rama  kepengin angger kang nglingsir keprabon.”

Banyak Tantra  : “Nyadhong duka Rama, abdi dalem dereng saged nggentosi palenggahan dhampar keprabon.”

Prabu Siliwangi   : “Kenging napa sliramu boten purun nggentosi pun Rama, Ngger?”

Banyak Tantra   : “Nyuwun pangapunten Rama, boten ateges abdi dalem  mbadal dhawuh  paduka, namung abdi dalem badhe ngangsu kawruh rumiyin. Samangsa sampun jangkep ngelmu, tartamtu abdi dalem sagah nggantosi paduka. Minangka jejeripun ratu kedah kathah seserepanipun.Pramila ingkang putra nyuwun idi palilah pados seserepan ing madyaning bebrayan, kanthi ngulandara.”

Prabu Siliwangi : “Manawi makaten, Rama namung mangestoni. Padosa kawruh mumpung taksih mudha!”

Banyak Tantra     : “Ngestokaken dhawuh Rama.”                                                                                      

---

..................

Silih Warni sigra budhal lan nantang Raden Kamandaka adu jago. Nalika jago lagi tarung, Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka saking wingking. Ananging Raden Kamandaka saged mbrobos ical. Pramila, panggenan menika diparingi tenger Desa Brobosan.

Salajengipun Silih Warni nantang perang tandhing.

Silih Warni                  : “He, Banyak Cotro. Yen nyata kowe sekti, ayo adu kadidayan!”

Banyak Cotro             : “Silih Warni, aku ora bakal nampa tantanganmu. Wurungna niyatmu, sadurunge getun ing tembe mburi. “

Silih Warni                  : “Yen ra klakon tandhing klawan awakmu nembe getun atiku.”

Banyak Cotro              : “Sepisan maneh aku Banyak Cotro, ora bisa nyilakani kowe, Silih Warni.”

Silih warni ngendika karo kaget,

Silih Warni                  : “Lho, apa bener yen kowe kuwi sejatine Banyak Cotro?”

Banyak Cotro              : “Ya bener, aku Banyak Cotro.”

Silih Warni                  : “Adhuh Kakang, kula keng rayi, Banyak Ngampar. Kula dipunutus rama supados madosi Kakang, kula nyuwun pangapunten, Kakang!”

Kekalihipun lajeng rerangkulan. Minangka pangeling-eling papan menika katelah Jatijajar amethik saking tembung Pajajaran.

---

  

2.    Gladhen Soal

1.    Tepa tuladha ingkang sae saking geguritan ‘Ibu’ inggih menika kang putra ….

A.      nyuwun sangu donga pangestu, boten arta utawi japa mantra

B.       ngaturi arta lan japa mantra sakderenge budhal dhateng kutha

C.       nyuwun ibunipun ndonga supados mboten kenging godha rencana

D.      ngaturake panuwun amargi sampun disekolahaken ngantos inggil.

2.    Tembung kamulyan nggadhahi teges … .

A.      cedhak

B.       kepenak

C.       sugih

D.      apik

3. Tumindak apa kang jumbuh karo isi geguritan ‘Aku Bocah Jawa’?

A.       Bocah Jawa iku kudu ngecet rambut.

B.       Bocah  Jawa kudu njaga budaya luhur.

C.       Dadi bocah ora oleh duwe raja brana.

D.      Wong Jawa kudu nindhes marang liyan.

4.  Ing ‘Aku Bocah Jawa’ sapa kang diarani bocah Jawa dening penulis?

A.  Wong Jawa sing isih enom.

B.  Kabeh wong tanah Jawa.

C.  Kabeh wong Indonesia.

C.  Wong enom lan tuwa.

5.    Purwakanthi kang padha karo larik “Agama kang dadi ageming aji” ing geguritan “Eling” yaiku . . ..

A.            agama kang bisa dadi gegamaning ati

B.elinga marang bangsa lan negara

C.mengko mundhak mlebu neraka

D.            aja nganti congkrah marang liyan

 

6.        Pada geguritan kang temane jumbuh karo geguritan “Eling” kasebut yaiku ... .

 

A

layang iki kanggo sliramu
layang batin kang ora bakal pernah kok woco
aku arep ngilang sakwetara
menawa setahun nanging ora merga wong liya

B

ing adheme hawa Walanda
sira panggah netepi setya
nyawiji ing ngilmu
ngugemi ing laku
nyerat ing saben-saben wektu

C

sipat pemudha –pemudhi,

srawunge saya ndadi,

raket wewekaning sepi,

tan kadi duk jaman nguni,

srawung sarwa ngati –ati

D

kuwi awakmu nang
kang ora bisa nahan nafsu senenging donya
nanging aku salah
awakmu iki
saiki wis isa nahan nafsu senenging donya

 

5.                     Guru wilangan lan guru lagune tembang durma, yaiku ... .

A.      12a, 8i, 5a, 5a, 7i, 5a, 7i

B.       12a, 8i, 5a, 7a, 7i. 6a, 7i

C.       12a, 8i, 5a, 7a, 8i, 5a, 7i

D.      12a, 8i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

6.                     Guru lagu nglegena (swara a) ing tembang durma mapan ing gatra ....

A.     1, 2

B.     3, 4

C.     5, 6

D.     6, 7

 

Semaken teks tembang kasebut!

Dipunsami ambanting ing badanira

Nyuda dhahar lan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra-ambra

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabrang

Karya nira lestari

 

7.                     Gatra kaping kalih ing pada kasebut nggadhahi teges dadi manungsa supaya ….

A.      padha dhahar karo guling

B.       tansah padha nyuda dhahare

C.       nyuda mangan aja karo gulingan

D.      bisa nyuda mangan lan turune

8.                       Bab kang ora pantes ditiru saka tembang kasebut yaiku … .

A.      nyuda dhahar lan guling

B.       darapon sudaa nepsu

C.       rerema ing tyasireki

D.      nepsu kang ngambra-ambra

9.                      Miturut isine tembang kasebut, polah kang trep ditindakake yaiku … .

A.      carane golek ilmu

B.       cara ngurmati wong tuwa

C.       cara ngendhaleni hawa nepsu

D.      tata carane nglakoni sopan santun

12. Dudutan (simpulan) teks tembang kasebut nerangake babagan sapa … . 

A.  kang uripe gelem prihatin lan tafakur bakal kelakon panjangkane

B.  kang seneng lan gelem nyambut gawe kanthi temen uripe bakal mulya

C.  wonge kang ora sregep ibadah lan salat wengi uripe bakal mulya 

D.  kang ora sregep ibadah lan salat wengi, panjangkane bakal kelakon

Semaken pethilan teks sesorah iki!

.......

Salajenganipun ingkang dados wigatosing sedya, inggih Bapak Diharjo sakaliyan mliginipun anakmas Wikan Kusuma kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 30 Agustus 2021 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing pawiyatan luhur tlatah Semarang.

13. Tembung ‘mliginipun’ ing ukara sepisan pada ka-3 saka teks sesorah kasebut tegese … .

A.  khususe

B.  sedulur

C.  umume

D.  sedhereke


14. Teks sesorah ‘Syukuran Wisudha’ isinipun babagan syukuran putranipun Bapak Diharjo amargi ... .

A.  katampi anggenipun pasinaon ing setunggaling universitas Semarang

B.  sampun purna anggenipun pasinaon saking pawiyatan luhur Semarang

C.  sampun pikantuk pedamelan ing papan pawiyatan luhur kitha Semarang

D.  kawisudha dados Sarjana Teknik lan angsal makarya ing pawiyatanipun

 

Wacanen pethilan teks sesorah kasebut!

Text Box: Bapak saha Ibu Dwija ingkang kinormatan, kepareng matur kula minongko sesuleh sakeng kadang kelas 9. Ingkang sepisan, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit sih katresnan saha panggulawenthahipun Bapak Ibu sedaya. Puji syukur bilih kula sakanca saged ngayahi jejibahan dados siswa kanthi lancar mboten manggihi pepalang setunggal menapa kemawon. .............

 


 



 

 

15.  Ukara kang kacithak kandel kasebut ana tetembungan kang ora bener panulisane. Tata panulise kang trep yaiku …

A.      Bapak saha Ibu Dwija ingkang kinormatan, kepareng matur kula minangka sesulih sakeng kadang kelas 9.

B.       Bapak saha Ibu Dwija ingkeng kinurmatan, kepareng matur kula minangka sesulih sakeng kadhang kelas 9.

C.       Bapak saha Ibu Dwija ingkang kinurmatan, kepareng matur kula minangka sesulih saking kadang kelas 9.

D.      Bapak saha Ibu Dwija ingkang kinurmatan, kepareng matur kulo minangka sesulih saking kadang kelas 9.

16.                             Wacanen pethilan sesorah kasebut!Bapak saha Ibu Dwija ingkang kinurmatan.

             Hambok bilih anggenipun  … , kepareng nyuwun pangapunten. Kanthi pamuji luhur, mugi-                    mugi Gusti kang murbeng dumadi kersa paring nugraha agung dhumateng Panjenengan sedaya.

            

 Tetembungan kang trep kanggo njangkepi cecek-cecek ing teks pidhato kasebut yaiku kula sakadang ….

A.      srawung ing pasadintenan kathah lepatipun

B.       anggene srawung ing padintene katah lepatipun

C.       badhe nyuwun pamit saking pawiyatan menika

D.      badhe nglajengaken ing pawiyatan langkung inggil

17.                             Ukara ing ngisor iki kalebu perangan pambukaning pidato yaiku....

A.      Ing kalodhangan punika, keparenga kula makili kanca-kanca kelas IX badhe ngaturaken atur panuwun ingkang kathah dhumateng bapak saha ibu guru ingkang sampun mbimbing kita.

B.       Bapak kepala SMP Tunas Harapan ingkang kinurmatan, bapak/ibu guru saha karyawan ingkang kula urmati, ugi kanca-kanca lan adhik-adhik ingkang kula tresnani..

C.       Kula kinten cekap semanten anggenipun kula matur, menawi wonten lepat anggenipun kula matur kula nyuwun sih samodra pangaksami.

D.      Kula ugi badhe nyuwun pangapunten menawi kula sakanca wonten lepatipun dhumateng bapak saha ibu guru lan adhik-adhik sedaya

Wacanen teks sesorah kasebut!

 

Saderengipun adicara kalajengaken, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, amargi saking rahmatipun kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat, mboten wonten alangan setunggal menapa.

18. Miturut unggah-ungguhipun, pethilan teks pidhato kasebat migunakaken basa ....

A. ngoko lugu

B. ngoko alus

C. krama alus

D. krama lugu

19. Cukup semene atur kawula, yen kathah kekurangan kawula nyuwun agunging samodra pangapura.

Miturutmu kepriye unggah-ungguh kang trep tumrap panutup sesorah kasebut?

A.      Cukup semanten atur kula, menawi kathah kekurangan kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

B.       Cukup semanten atur kawula, mbok bilih kathah kekirangan kawula nyuwun agunging samodra pangaksama.

C.       Cekap semanter atur kawula, menawi kathah kekirangan kawula nyuwun agunging samodra pangaputen.

D.      Cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah kekirangan kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

 

20.    Tumindak apa kang jumbuh karo pitutur luhur ing teks sandhiwara Lintang Kemukus kasebut?

A.  Kekancan karo wong sing sadrajat supaya bisa ngangkat drajate kulawarga.

B.  Kudu pinter ngendhalekake hawa nepsu lan sabar ngadhepi kabeh kahanan.

C.  Aweh piwales marang sapa bae kang wis gawe rekasa lan lara atine dhewe.

D.  Aja gampang ngalah marang mungsuh kepara kudu menang saka mungsuh.

 

21.                             Pitutur luhur apa sing bisa dijupuk saka pethilan teks sandiwara kasebut?

A.    Dadi manungsa ora kena nglirwakake marang prajanjine.

B.     Manungsa bisa nglirwakake marang prajanjine.

C.     Manungsa tansah nuruti apa sing dadi pepenginane.

D.    Manungsa kuwi dadi wayang urip ing alam donya.

 

22.                             Gancaran saka pethilan teks sandhiwara ‘Dumadine Jatijajar’ yaiku …

A.      Silih Warni budhal nantang Banyak Cotro. Ing kono dheweke durung ngerti yen Banyak Cotro kuwi sejatine kakange kang lunga, mulane dheweke diutus Rama kanggo nggoleki.

B.       Banyak Cotro kasil numpes Banyak Ngampar lan wis merjaya dheweke kanthi meneng-meneng. Banyak Cotro dianugrahi bebungah kang akehe saiket sirah.

C.       Jatijajar minangka papan kang ditemokake dening Silih Warni nalika dheweke nembe tapa ing alas Purwa. Ing kono dheweke diganggu dening para dhemit kang tunggu.

D.      Banyak Ngampar kang arep diperjaya ing Jatijajar paring piwales marang prajurit Banyak Cotro. Dheweke mung ijen nalika tumeka ing kraton.

 

23.                             Apa dudutane (simpulan) pethilan teks sandhiwara kasebut?

A.      Banyak Tantra durung gelem dadi raja amarga isih kepengin golek kawruh.

B.       Banyak Tantra ora oleh dadi raja awit kawruhe sithik lan kudu sinau maneh.

C.       Prabu Siliwangi lengser keprabon diganti dening putrane Banyak Tantra.

D.      Prabu Siliwangi ora sarujuk yen Banyak Tantra ngganteni kalungguhane.

 

PILIHAN GANDA KOMPLEKS

  Pilihan jawaban lebih dari 1

24.                             Semaken tembang durma kasebut!

Dipunsami hambanting sarira nira

Cegah dhahar lawan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra-ambra

Rerema ing tyas sireki

Dadya sabarang

Karsanira lestari.

 

Miturut isi tembang durma kasebut laku prihatin  bisa dadekake kabule cita –cita utawa gegayuhan kanthi cara  … .

 

 

 

 

 
               ngurangi mangan lan turu

              

 

 

 

 

 
               ndedonga marang Gusti Allah

 

 
             

               nambahi tumindak  daksiya

 

 
              

               nambahi dolan lan sinau

 

 
              

               ngurangi hawa lan nepsu.

              

25.                             Wacanen teks tembang macapat kasebat !

  Mung tindake dhewe datan winaonan,

  ngrasa bener pribadi,

  sanadyan benera,

  yen tindake wong liya,

  pasti den arani sisip,

  iku wong ala,

  ngganggo bener pribadi.

 


Pilihen pratelan kang bener tumrap tembung lan tegese!

          

           


 
Datan tegese ora

Sisip tegese bener

 

 
Ala tegese  ora padha

v

 
Ngrasa tegese rumangsa


 
Ala tegese ora becik



                            -matur nuwun-



Comments

  1. Sugeng sinau para siswa, mugi pinaringan gampil lan gancar anggenipun nggarap soal. Aamiin

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1