Gladhen Soal PAT kelas 9/2

 SOAL URAIAN PAT BAHASA JAWA 

 Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!

43.  Wacanen teks sesorah kasebut kanggo nggarap nomer 1!

Assalamualaikum wr wb,

Ibu Sinta wali kelas IX H ingkang kinurmatan. Para siswa kelas IX H ingkang kula tresnani.

          Alhamdulillah dinten menika kula dalah panjenengan saged kempal wontaen ing griya kula kanthi kebak keslametan, kasugengan, saha kawilujengan.

Salajengipun kula ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh penjenengan satuhu mujudaken pakurmatan ingkang ageng tumrap kula sakulawarga.

Ibu Sinta saha para kanca, dinten menika kula ngrawuhaken panjenengan saprelu kula ajak ngunjukaken syukur nikmat ingkang sampun kaparingan dening Gusti dhateng kula sakulawarga. Ujub kula sampun pikantuk ridho saking Gusti Allah inggih menika saged lulus ujian SMP kanthi biji ingkang maremaken manah. Kejawi menika kula nyuwun pangestu amrih kula saged nglajengaken  sekolah ingkang langkung inggil.

Ibu Sinta lan kanca-kanca, adicara menika pancen dipunwontenaken kanthi prasaja, Pramila mbokbilih wonten kekirangan anggen kula caos ubarampe dhumateng panjenengan sami, kula nyuwun pangaksami, sugeng rawuh, sugeng lenggah ngantos paripurnaning adicara punika.

Cekap semanten atur kula, kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Matur nuwun awit kawigatosanipun.

Wassalamualaikum. wr. wb.


 1) Tulisen perangan-perangane teks sesorah kasebut!


Semaken teks wacan ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 2 -3!

1. Prabu Siliwangi  : “Banyak Tantra, Rama pun sepuh. Dalu niki kula timbali, awit Rama                                        kepengin angger kang nglingsir keprabon.”

        2. Banyak Tantra  : “Nyadhong duka Rama, abdi dalem dereng saged nggentosi palenggahan dhampar keprabon.”

            3. Prabu Siliwangi   : “Kenging napa sliramu boten purun nggentosi pun Rama, Ngger?”

         4. Banyak Tantra   : “Nyuwun pangapunten Rama, boten ateges abdi dalem  mbadal dhawuh  paduka, namung abdi dalem bade ngangsu kawruh rumiyen. Samangsa sampon jangkep ngelmu, tartamtu abdi dalem sagah nggantosi paduka. Minangka jejeripun ratu kedhah kathah seserepanipun. Pramila ingkang putra nyuwun idi palilah pados seserepan ing madyaning bebrayan, kanti ngulandara.”

         5. Prabu Siliwangi : “Manawi makaten, Rama namung mangestoni. Padosa kawruh mumpung taksih mudha!”

            6.  Banyak Tantra      : “Ngestokaken dhawuh Rama.” 


2)  Tulisen 5 tembung kang salah panulisane sabanjure benerna!

3)  Piwulang becik apa kang bisa kajupuk saka pethilan teks sandiwara kasebut?

             

Wacanen teks geguritan kasebut kanggo nggarap nomer 4!

              Eling 

 

Para mudha...

Elinga marang agama,

Agama kang dadi ageming aji,

Agama kang bisa dadi gegamaning ati.

       Para mudha.....

       Elinga marang wong tua,

       Aja nganti tumindak durhaka,

       Mengko mundhak mlebu neraka,

Para mudha.....

Elinga marang bangsa lan negara,

Aja mung padha suka –suka,

Gawe maksiat sarta dosa,

Nganti lali nerak marang angger-anggereing agama.

       Elinga.......

       Urip iku mung sepisan,

Aja nganti congkrah marang liyan,

Kareben tentrem urip bebrayan.

 

          
4.  Apa isine geguritan kasebut?

5. Wacanen teks tembang kasebut!     

                    Durma

Dipunsami ambanting ing badanira

Nyuda dhahar lan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra ambra

Rerema ing tyasireki

Dadya sabarang

Karyanira lestari


*  Pitutur luhur apa kang bisa dituladha saka isi pada tembang kasebut?






                                             -o0o-


             

 

               

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1