Gladhen AAT Kelas 9 SMP

Bekti Kagem Ibu


Nyuwun tambahing pangestu

badhe ngayahi 

          tanggung jawab marang bangsa

          ugi mring ibu pertiwi

          pancen kewajiban

          kang putra wus kudu ngerti

 

1.       Manut isine geguritan kasebut, panganggit nyuwun pangestu marang ibu amarga rumangsa nduweni tanggung jawab marang….

A.    bangsa

B.     ibu pertiwi

C.     kulawarga

D.    bangsa lan ibu pertiwi

2.      Miturut geguritan kasebut sing dikarepake ibu pertiwi yaiku….

A.    tanah wutah getih

B.     daerah

C.     kulawarga

D.    padesan

 

Teks geguritan 

      Eling

Para mudha

Elinga marang agama

Agama kang dadi ageming aji

Agama kang bisa dadi gegamaning ati

 3.      Miturut gatra ka-3 geguritan kasebut, agama bisa ditegesai minangka…

A. Simbol kang lumrah ing padinan

B.  Bukti kekuasaan sing bisa dipamerake.

C.  Busana / ageman sing bisa nglindhungi diri

D. Gegaman sing bisa kanggo meden-medeni wong liya

 4.      Geguritan kasebut nggunakake tembung kang padha lan dibaleni, kang uga diarani purwakanthi ….

A. swara

B.  sastra

C.  wanda

D. basa


Semaken teks geguriran kasebu!

               Eling

Para mudha

Elinga marang agama

Agama kang dadi ageming aji

Agama kang bisa dadi gegamaning ati

       Para mudha

            Elinga marang wong tuwa

            Aja nganti tumindak durhaka

            Mengko mundhak mlebu neraka

 

5.      Tindak tanduk kang bisa dituladha saka amanat geguritan kasebut yaiku

A.Tansah nindakake prentah agama lan bekti wong tuwa.

B. Nyedhaki tumindak ala uripe kang bakal cilaka.

C. Prihatin lan nindakake samubarang kanthi eklas.

D. Ngresula lan ngangkluh ngadhepi urip kang rekasa.

     Semaken teks kasebut!

Yen manut wasitening kuna,

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng papa

 

6.      Isine geguritan  kasebut yaiku   

A. Mudha-mudhi jaman saiki keh kang srawunge kurang ngati-ati.

B.  Pemudha-pemudhi kena srawung bebas tan winates.

C.  Tumindak ala  becik pungkasane bakal rekasa.

D. Nerak kasusilan cedhak marang angger-anggering agama


  Durma

Bener luput ala becik lawan begja

Cilaka mapan saking

Ing badan priyangga

Dudu saking wong liya

Pramila den ngati-ati

Sakeh dirgama

Singgahana den aglis

 

1.                                                                        7. Adhedhasar teks kasebut, bener luput ala becik iku gumantung ….

              A. awake dhewe

         B. wong liya

         C. kanca raket

D. tumindake wong liya

 

8.      Polah kang ora trep ditindakake gayut karo isine tembang kasebut yaiku ....

A.  ngati-ati yen tumindak

B.  nyingkiri watak kang ala

C.  urip rekasa gumantung liyan

D.  mawas diri mring laku luput

9.      Tegese tembung “bener luput” ing gatra tembang kasebut yaiku ....

 A. bener lan salah

 B. bener iku salah

 C. bener lan becik

 D. luput iku ora apik

10.      Tumindak kang trep karo amanat tembang kasebut yaiku ....

A.  yen ana gangguan becike waspada

B.  mbantu wong liya kanthi ekhlas

C.  milih kanca sing bener itu perlu

D.  nyalahke liyan yen kena cilaka

11.      Apa simpulan isi teks tembang kasebut?

A. Wong salah iku lumrah.

B.  Awake dhewe iku mesthi bener.

C.  Bener luput iku gumantung wong liya.

D. Bener salah iku gumantung awake dhewe.

Durma

Dipunsami ambanting ing badanira

Nyuda dhahar lan guling

Darapon sudaa

Nepsu kang ngambra ambra

Rerema ing tyasireki

Dadya sabarang

Karyanira lestari

 

12.      Wong urip kudu prihatin nyuda mangan lan turu. Pratelan kasebut jumbuh karo tegese syair ing gatra kaping ....

A.    1, 2

B.     2, 3

C.     3, 4

D.    4, 5

13      Ana pira guru gatrane tembang durma kasebut?

A. 6

B.  7

C.  8

D. 9

14.      Guru wilangan lan guru lagu gatra pungkasan ing tembang kasebut yaiku ….

A. 5a

B.  7a

C.  7i

D. 12a

15.      Guru lagu wulu mapan ing gatra ….

A. 1,2,3

B.  2,4,6

C.  2,5,7

D. 4,5,6

 

Wacanen pethilan teks sandhiwara kasebut!

…………………………………...

Bandung           : “He, Jonggrang, sliramu pranyata wanita kang julig, licik,lan ora nganggoni          prajanjen ya?

Jonggrang            : “Aku wis ngenggoni prajanjen. Wengine wis entek. Mula saka iku sampeyan cabar ora wenang nggarwa aku, amarga candhi sing wis sampeyan gawe lagi 999 cacahe.

Bandung           : “Kowe pranyata licik ya. Kabeh pamundhutmu wis dakturuti, nanging sliramu malah tegel marang aku. Sliramu tegel lirwa saka prajanjen. Sliramu kang utusan wong-wong desa supaya padha tangi kanggo nuthuki kenthongan lan lesung. Jago-jago padha kluruk. Aku ora ngerti iku kabeh saka pokalmu. Aku ora trima! Aku ora trima!”

Jonggrang        : “Sampeyan yen ora trima mangga, nanging aku kaya mangkono nyatane.”

Bandung          : “Amarga sliramu kang ora teguh ing janji, sliramu kang wus lirwa ing  prajanjen, mula anggonku gawe candhi kae lagi 999, mula saiki sliramu kang daksabda dadi candhi kang ngganepi dadi sewu candhi.”

 

16.  Pratelan endi kang jumbuh karo isi pethilan teks sandhiwara kasebut?

A.  Candhi sing digawe Bandung cacahe 1000.

B.  Candhi sing digawe Bandung cacahe 999.

C.  Cacahe candhi sing digawe Jonggrang 1000.

D.  Jonggrang nggawe candhi cacahe ana 999.

 

17.  Pitutur luhur apa sing bisa dijupuk saka pethilan teks sandiwara kasebut?

A.    Dadi manungsa ora kena nglirwakake marang prajanjine.

B.     Manungsa bisa nglirwakake marang prajanjine.

C.     Manungsa tansah nuruti apa sing dadi pepenginane.

D.    Manungsa kuwi dadi wayang urip ing alam donya.

18.  Sapa kang diarani paraga tritagonis ing pethilan teks sandiwara kasebut?

A.    Jago.

B.     Bandung.

C.     Jonggrang.

D.    Wong-wong desa.

Teks wacan 

..................

Silih Warni sigra budhal lan nantang Raden Kamandaka adu jago. Nalika jago lagi tarung, Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka saking wingking. Ananging Raden Kamandaka saged mbrobos ical. Pramila, panggenan menika diparingi tenger Desa Brobosan.

Salajengipun Silih Warni nantang perang tandhing.

Silih Warni                  : “He, Banyak Cotro. Yen nyata kowe sekti, ayo adu kadidayan!”

Banyak Cotro             : “Silih Warni, aku ora bakal nampa tantanganmu. Wurungna niyatmu, sadurunge getun ing tembe mburi. “

Silih Warni                  : “Yen ra klakon tandhing klawan awakmu nembe getun atiku.”

Banyak Cotro              : “Sepisan maneh aku Banyak Cotro, ora bisa nyilakani kowe, Silih Warni.”

Silih warni ngendika karo kaget,

Silih Warni                  : “Lho, apa bener yen kowe kuwi sejatine Banyak Cotro?”

Banyak Cotro              : “Ya bener, aku Banyak Cotro.”

Silih Warni                  : “Adhuh Kakang, kula keng rayi, Banyak Ngampar. Kula dipunutus rama supados madosi Kakang, kula nyuwun pangapunten, Kakang!”

Kekalihipun lajeng rerangkulan. Minangka pangeling-eling papan menika katelah Jatijajar amethik saking tembung Pajajaran.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 19.  Gancaran saka pethilan teks sandhiwara kasebut yaiku …

  1. Banyak Cotro kasil numpes Banyak Ngampar lan wis merjaya dheweke kanthi meneng-meneng. Banyak Cotro dianugrahi bebungah kang akehe saiket sirah.
  2. Jatijajar minangka papan kang ditemokake dening Silih Warni nalika dheweke nembe tapa ing alas Purwa. Ing kono dheweke diganggu dening para dhemit kang tunggu.
  3. Silih Warni budhal nantang Banyak Cotro. Ing kono dheweke durung ngerti yen Banyak Cotro kuwi sejatine kakange kang lunga, mulane dheweke diutus Rama kanggo nggoleki.
  4. Banyak Ngampar kang arep diperjaya ing Jatijajar paring piwales marang prajurit Banyak Cotro. Dheweke mung ijen nalika tumeka ing kraton


  1. 20. Manut pethilan sandiwara kasebut, Silih Warni nalika nantang Banyak Cotro nuduhake yen dheweke ….
  1. kasar lan kejem
  2. umuk lan murka
  3. gampang nesu
  4. seneng tetulung

 


Comments

Popular posts from this blog

Gladhen AAJ Basa Jawa

Gladhen AAJ Basa Jawa-1